Scroll to continue reading
KHUTBAH BAHASA JAWA WULAN DULHIJJAH NINGKATAKEN AMAL ING 10 DINA AWAL DULHIJJAH
https://www.effectivegatecpm.com/a01tsjhy6b?key=8bd1122ffbf8961102c1a155f937297c
Close

KHUTBAH BAHASA JAWA WULAN DULHIJJAH NINGKATAKEN AMAL ING 10 DINA AWAL DULHIJJAH

Contents [Show Up]

KHUTBAH BAHASA JAWA WULAN DULHIJJAH NINGKATAKEN AMAL ING 10 DINA AWAL DULHIJJAH

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Sumangga kita sedaya tansah ningkataken takwa dhumateng Allah SWT kanthi nglampahi sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya laranganipun. Awit namung kanthi takwa, manungsa saged pikantuk kabegjan wonten ing donya saha akhirat.

KHUTBAH BAHASA JAWA WULAN DULHIJJAH NINGKATAKEN AMAL ING 10 DINA AWAL DULHIJJAH

Para jamaah ingkang kinurmatan,

Sakmenika kita sampun lumebet ing wulan agung, yaiku wulan Dulhijjah. Wulan ingkang kebak kamulyan lan kesempatan emas kangge ningkataken amal ibadah. Mliginipun ing sepuluh dinten wiwitan wulan Dulhijjah, ingkang dipunsebat Rasulullah SAW minangka dinten-dinten paling utama kangge nglampahi amal saleh.

Rasulullah SAW ngendika:

"Ora ana dina-dina kang amal saleh ing kono luwih ditresnani Allah ngungkuli amal ing sepuluh dina awal Dulhijjah."

(HR. Bukhari)

Mila saking punika, sumangga kita sami ngisi dinten-dinten mulya menika kanthi kathah dzikir, shalat sunnah, maos Al-Qur’an, sedekah, pasa sunnah, lan amal-amal kabecikan sanesipun. Aja ngantos kesempatan agung menika sirna tanpa ninggalaken bekas kabecikan tumrap gesang kita.

Mugi Allah SWT paring kekiyatan dhateng kita sedaya supados saged ngamalaken kabecikan kanthi ikhlas lan istiqamah.

.   Khutbah I

: اَلْالْحَمْدُ لِلهِ الْمَلِكِ الْعَلَّامِ وَاَعْطَانَا مَاعِنْدَهُ مِنَ الْفَضْلِ وَالْإِنْعَامِ أَحْمَدُهُ وَأَشْكُرُهُ عَلَى نِعْمَةِ الْجِسْمِ وِالْمُجَسَّمِ وَهِيَ الصِّحَةُ وَالْإِيْمَانُ وَالْإِسْلاَمُ،

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَ هُدَاهُ.

أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللَّهِ،أُوْصِيْكُمْ بِتَقْوَى اللَّهِ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.


Ma’asyirol  muslimin hafidzakumullah,، 

Jamaah Jum’at Rahimakumullah Monggo kito sareng-sareng ningkataken takwo dumateng Gusti Allah, ajrih dumateng Gusti Allah, kanti tansah nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun. Supados kito sedoyo pikantuk kawilujengan soho kabegjan wonten ing dunyo ngantos akhirat. 

Sholawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang nuntun kito sedoyo tumuju dalan ingkang jejeg, ajaran ingkang haq, lan ingkang kito ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten akhirat. Kahanan meniko kedah dipun sarengi kaliyan semangat ibadah, khususe ing wulan Dzulhijjah. Gusti Allah dawuh:

 وَالفَجْرِ، وَلَيَالٍ عَشْرٍ 

Artosipun: Demi wektu fajar, lan sepuluh wengine (Q.S. Al-Fajr)

 Wonten tafsir Ibnu Katsir dipun sebataken bilih mungguh sebagian ulama wektu fajar meniko wektu subuh dinone nyembelih, lan sepuluh wengine niku tegese sedoso dinten kawitan ing wulan Dzulhijjah; wulane tiyang kurban, wulane tiyang sami ngelampahi manasik haji. 

Nggayuh Kabegjan Wonten Dunyo lan Akherat Kedah kito mangertosi bilih kito sampun melebet wulan , wulan kempalipun sedoyo umat Islam, wonten ing Makaatul mukaromah badhe nindaaken ibadah hajji.  Pramilo kito sedoyo ngkang dereng saged tindak hajji, monggo kito sami ningkataken amal ibadah, amal kesaenan, Monggo kito dandosi amal kito, ingkang asale awon dipun owahi kanti amal ingkang luweh sae. kranten semangat nguripi lan ngamal ngibadah ngantos sedoso dinten wulan Dzulhijjah meniko saget dados bukti kito taqarrub marang Gusti Allah.

Gusti Allah dawuh:

 وَأَقِمِ الصَّلَاةَ طَرَفَيِ النَّهَارِ وَزُلَفًا مِنَ اللَّيْلِ ۚ إِنَّ الْحَسَنَاتِ يُذْهِبْنَ السَّيِّئَاتِ ۚ ذَٰلِكَ ذِكْرَىٰ لِلذَّاكِرِينَ

Artosipun: Lan sholato ingdalem pucuk lorone rahino (subuh ngantos maghrib) lan bagian awale wengi (isya’). Saktemene tindak lampah sae iku ngilangno tindak lampah awon (duso). Meniko pepiling kanggo wong kang eling (Hud, 114) 

Hadirin ingkang Dipun Rahmati Allah, amalan nopo mawon ingkang dipun lampahi?  Wonten setunggale hadis dipun sebataken

: عن ابْنِ عُمَرَ عَنْ النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ مَا مِنْ أَيَّامٍ أَعْظَمُ عِنْدَ اللَّهِ وَلَا أَحَبُّ إِلَيْهِ الْعَمَلُ فِيهِنَّ مِنْ هَذِهِ الْأَيَّامِ الْعَشْرِ فَأَكْثِرُوا فِيهِنَّ مِنْ التَّهْلِيلِ وَالتَّكْبِيرِ وَالتَّحْمِيدِ

Artosipun: Dipun riwayataken saking Ibnu Umar, saking Rasulullah ingkang ndawuhaken: ora ono dino ingkang luweh mulyo mungguhe Gusti Allah lan amalan ingkang luweh dipun remeni tenimbang iki sepuluh dino (Dzulhijjah), mongko ngakehno siro kabeh moco tahlil, takbir lan tahmid (HR. Tabrani) 

Hadis meniko paring pangertosan bilih sedoso dinten ing kawitane wulan Dzulhijjah niku nggadahi keutamaan lan dipun remeni kaliyan Gusti Allah, sehinggo dipun anjuraken ngatahaken maos tahlil arupi La ilaha illa Allah, takbir arupi Allahu Akbar, lan tahmid arupi Alhamdulillah. 

Pramilo wonten wekdal ingkang kebak kesaenan meniko, monggo kito sedoyo sami pados ganjaran sakkatah-katahipun lan nebihi perkawis ingkang ngregeti manah lan pikiran. Kranten saking ngatahaken ibadah meniko kito saget ndidik, nglatih, mbiasaaken lelampahan sae supados ing lebetipun wulan lintu saget istiqomah ngelampahi kesaenan. Mugi-mugi amal ibadah kito sedoyo dipun tampi Gusti Allah


وَاللَّهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى يَقُوْلُ وَبِقَولِه يَهْتَدي الْمُهْتدُونَ, أَعُوْذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, وَالْفَجْرِ وَلَيَالٍ عَشْرٍ وَالشَّفْعِ وَالْوَتْرِ. وَالّلَيْلِ اِذَا يَسْر.

بَارَكَ اللَّهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ..

 

Khutbah II:

 اَلْحَمْدُ  لِلَّهِ حَمْدًا  كَثِيْرًا  كَمَا  أَمَرَ.  أَشْهَدُ  أَنْ  لاَ  إِلَهَ  إِلاَّ  اللهُ  وَحْدَهُ  لاَ  شَرِيْكَ  لَهُ إِرْغَاماً  لِمَنْ  جَحَدَ  بِهِ  وَكَفَرَ.  وَأَشْهَدُ  أَنَّ  سَيِّدَنَا  مُحَمَّداً  عَبْدُهُ  وَرَسُوْلُهُ  سَيِّدُ  الخَلاَئِقِ  وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ إِلَى يَوْمِ الدين  أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ  ، وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ  اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِينَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ 


Post a Comment

Sitemaps