Scroll to continue reading
Memerangi Hawa Nafsu Khutbah Bulan DulQo'dah Bahasa Jawa
https://www.effectivegatecpm.com/a01tsjhy6b?key=8bd1122ffbf8961102c1a155f937297c
Close

Memerangi Hawa Nafsu Khutbah Bulan DulQo'dah Bahasa Jawa

Contents [Show Up]

Memerangi Hawa Nafsu Khutbah Bulan DulQo'dah Bahasa Jawa

Nalika mlebu wulan Dulqo’dah, ati iki koyo diajak meneng sakedhap, mikir maneh babagan lakuning urip sing wis dilakoni. Wulan iki ora mung dadi bagian saka wektu, nanging uga dadi pangeling supaya manungsa luwih waspada marang hawa nepsu sing kerep nyeret marang tumindak sing ora becik. Ing kahanan kaya ngene, khutbah dadi salah siji sarana sing alus nanging ngena, kanggo ngelingake lan nuntun ati supaya tetep ana ing dalan kang bener.

Memerangi Hawa Nafsu Khutbah Bulan DulQo'dah Bahasa Jawa

Hawa nepsu iku sejatiné ora katon, nanging pengaruhé gedhé banget ing saben keputusan urip. Kadhang kala, manungsa luwih manut marang kepinginan tinimbang nuruti tuntunan iman. Mula saka kuwi, tema “memerangi hawa nepsu” dadi wigati banget kanggo diangkat ing khutbah wulan Dulqo’dah iki, supaya saben jiwa bisa luwih eling lan ngati-ati ing saben langkah.

Kanthi basa Jawa sing alus lan ngena ing ati, pesan khutbah iki diarep-arep bisa luwih gampang ditampa lan dirasakake dening jamaah. Basa ibu nduweni kekuwatan emosional sing bisa nyentuh rasa, ora mung sekadar dingerteni, nanging uga dirasakake maknane. Saka kene, dakwah ora mung dadi ceramah, nanging uga dadi panglipur lan pangeling sing nyemangati.

KHUTBAH BAHASA JAWA BULAN DULKO’DAH

Khutbah I:

الـحَمْدَ لِلّهِ نَـحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ النَّبِيُّ الكَرِيْمُ المَيْمُوْنَ اللَّهُمَّ صَلِّ وسَلِّمْ عَلَى سيدِنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ الى يَوْمِ يُبْعَثُوْنَ، أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُوْصِيْكُمْ بِتَقْوَى اللَّهِ وقَدْ فَازَ المتَّقُوْنَ وَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.

وقال تعالى، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

 Ma’aasyiral Muslimin Rahimakumullah…

Minangka wujud raos syukur kita dhumateng ngarsanipun Allah SWT,

Monggo kito sami ningkataken takwo lan ajrih dumateng Gusti Allah kanti tenanan, ing panggenan pundi kimawon, kanti tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun, mugio kita tansah pikantuk rahmat lan pitedah saking ngerso Gusti Allah. 

Sampun dipun terangaken wonten ing Al quran:

إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ

 Artosipun: “Satemene sing paling mulya ing antarane sira ana ing ngarsaning Allah yaiku wong kang paling taqwa ing antarane sira”.(QS Al-Hujurat: 13)


Shalawat serto salam mugi keaturaken dumateng junjungan kito, nggih meniko Kanjeng Nabi Muhammad soho keluargo lan sohabatipun. 

Maasyiral Muslimin rahimakumullah, 

Menungso pasti nggadahi howo nafsu, ananging dipun peseni supados ngendalikno nafsu meniko. 

Dipun sebataken wonten Al-Quran:

 وَأَمَّا مَنْ خَافَ مَقَامَ رَبِّهِ وَنَهَى النَّفْسَ عَنِ الْهَوَىٰ * فَإِنَّ الْجَنَّةَ هِيَ الْمَأْوَىٰ 

Artosipun: “Lan sopo wong sing wedi marang pengadilan Gusti Allah lan biso nyegah hawa nafsune, mesti suwargo dadi panggonane.” (QS An-Nāzi‘āt 40 – 41) 

Ayat iki nerangake bilih kemenangan sejati yaiku menang ngelawan kedemenane nafsu ingkang bade ngelakoni maksiat lan munkar. 

Maasyiral Muslimin rahimakumullah, 

Howo nafsu niku cenderung ngajak marang keburukan, kados tiyang ingkang nggadah sifat marah, niku kedah dipun kendalikno supados mboten tambah ndadekno amarah, hinggo tambah mbahayani marang piyambake. 

Kanjeng Nabi dawuh:

 لَيْسَ الشَّدِيدُ بِالصُّرَعَةِ، إِنَّمَا الشَّدِيدُ الَّذِي يَمْلِكُ نَفْسَهُ عِنْدَ الْغَضَبِ 

Artosipun: “Wong sing kuwat kuwi dudu sing menang gelut, ananging wong sing biso ngendhalikake awake nalika marah.” (HR. Bukhari Muslim) 

Hadis niki nuduhake bilih kemampuan ngendalikno nafsu amarah niku abot sanget,lan sinten mawon saget ngendalikno howo nafsune mongko kalebet tiyang ingkang kuat atine, bahkan ngendalikno niki luweh utomo tinimbang arupi kekuatan fisik. 

Maasyiral Muslimin rahimakumullah, 

Kedah kito pahami bilih nafsu niku wonten kaleh. 

Kaping setunggal, nafsu ingkang nuntun tumindak ala, menawi mboten dikendalikno. Kaping kaleh, nafsu ingkang dadi pendorong ibadah, menawi diatur kanthi bener. 

Sebab katah sanget tiyang ingkang rusak uripe amargi mboten saget ngendalikno hawa nafsu arupi nesu, dendam, iri, dengki, nafsu syahwat, lan cinta bondo dunya kanti sanget, nafsu pengin ngrasani, ngelarani sedulure, ngelarani tanggane, lan ngelarani atine wong lia. 

Gusti Allah ngendika:

 إِنَّ النَّفْسَ لَأَمَّارَةٌ بِالسُّوءِ 

Artosipun: "Sak temene nafsu iku mesti nyurung marang kelakuan olo." (QS. Yusuf: 53) 

Nahan  hawa nafsu niku dados rem, sehinggo menungso purun mikir, angen-angen lan mestine ndisikaken dumateng nikmat akhirat kanti nilar kenikmatan dunyo ingkang sirno, serto mboten bade nuruti howo nafsu lan bujukane setan. 

Kanjeng Nabi dawuh:

  مَنْ أَحَبَّ دُنْيَاهُ أَضَرَّ بِآخِرَتِهِ، وَمَنْ أَحَبَّ آخِرَتَهُ أَضَرَّ بِدُنْيَاهُ، فَآثِرُوْا مَا يَبْقَى عَلَى مَا يَفْنَى . 

Artosipun: "Sopo wonge luwih demen marang dunyone, mongko wong iku mlarataken kelawan akhirote, lan sopo wonge kang luwih demen marang akhirate, mongko wong iku mlarataken marang dunyone, pramilo podo ndisikno siro kabeh marang perkoro kang langgeng/akhirat, ketimbang perkoro kang cepet sirno/dunyo." (HR. Ahmad)


Sinaoso mekaten kito dipun peseni supados ngatahaken maos istighfar lan dzikir, tujuane saged tetap eling lan ajrih dumateng Gusti Allah. Pramilo, monggo kito latih awak kito supados saget ngendalikno howo nafsu, lan menang ngelawan nafsu ingkang gampang nyasarno marang keelekan. Monggo kito tingkataken amalan sae, ngebaki waktu kaliyan ibadah, supoyo nafsu mboten wonten kesempatan ajak-ajak marang kemaksiatan. Mugi-mugi Gusti Allah maringi kito kekuatan lan pitulung ngadepi gudone howo nafsu lan dipun paringi istiqomah ngelampahi ibadah, sehinggo kito sedoyo dados kawulane Gusti Allah ingkang menang nglawan nafsu lan diparingi keteguhan iman. Aamiin


بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكمُ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، أَقُوْلُ قَوْليِ هذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ مِنْ كُلَّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغفِرُوْهُ؛ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيُم 

وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِينَ



Khutbah II:

الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيرًا كَمَا أَمَرَ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ إِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ وَأَشْهَدُ أَنْ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ سَيِّدُ الْخَلَائِقِ وَالْبَشَرَ صَلَّى اللَّهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ اجْمَعِيْنَ وَسَلَّمَ تَسْلِيمًا كَثِيرًا.

يَأَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللَّهَ وَافْعَلُوا الْخَيْرَ وَاجْتَنِبُوا عَنِ السَّيِّاتِ.

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ وَعَلَى التَّابِعِينَ وَتَابِعِ التَّابِعِينَ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِينَ اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُحِيبُ الدَّعَوَاتِ. اللهُمَّ انْصُرْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ اللهُمَّ أَصْلِحْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّد اللهُمَّ 

ارْحَمْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ اللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّينِ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِينَ. وَاجْعَلْ بَلْدَتَنَا انْدُوْنِيْسِيَا هَذِهِ بَلْدَةً آمِنَةً مُطْمَئِنَّةً وَسَائِرَ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً، اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغَلَاءَ وَالْبَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوفَ وَالْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ وَالْفِتَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِير.

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

 عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


Post a Comment

Sitemaps