Khutbah Jumat Akhir Ramadhan 1447 H/2026 M
Khutbah Jumat Akhir Ramadhan 1447 H/2026 M
Kehidupan akan berlalu dengan segala kesenangan dan kesedihan, umur kita akan berakhir baik yang panjang maupun yang pendek, dan semuanya akan bertemu dengan rabbnya, pada hari tidak bermanfaat harta maupun anak anaknya, kecuali orang yang menhgadap Alloh dengan hati yang bersih, maka dibulan ramadhan ini bertaubatlah yang tulus, bertekadlah untuk memanfaatkan kesempatan dan waktu ini dengan ketaatan,
Khutbah Jumat Akhir Ramadhan
Khutbah 1
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي فَتَحَ أَبْوَابَ الْجَنَّةِ فِي شَهْرِ رَمَضَانَ الَّذِيْ أُنزِلَ فِيهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنَاتٍ مِّنَ الْهُدَى وَالْفُرْقَانِ. أَشْهَدُ أَنْ لَااِلٰهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلِّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. أمَّا بَعْدُ. فَيَا أيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ . وَقَالَ تَعاَلَى: إِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةِ الْقَدْرِ . وَمَا أَدْرَاكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِ . لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ .تَنَزَّلُ الْمَلَائِكَةُ وَالرُّوحُ فِيهَا بِإِذْنِ رَبِّهِمْ مِنْ كُلِّ أَمْرٍ. سَلَامٌ هِيَ حَتَّى مَطْلَعِ الْفَجْر
Jamaah Jumat Rohimakumulloh
Mangga kita sesarengan raosaken puji syukur dumateng Allah subhanahu wata’ala ingkang sampun maringi pinten-pinten kenikmatan sahingga kita sedaya saget rawuh ngelampahi shalat jumat wonten ing baitullah siang punika.
Shalawat lan salam katunjuk katur dumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhateng kaluwarganipun para sahabat, ugi para penderekipun dumugi dinten kiamat. Amin
Mangga, kita tansah netepi takwa lan ngabekti dumateng Allah subhanahu wata’ala kanti tenanan lan nebihi awisanipun, minongko dados sarana kita mbukteake Iman lan Islam saklebete gesang wonten ing dunya menika.
Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah,
Sameniko kita sampun mlebet 10 dinten terakhir wonten ing Wulan Ramadhan, artosipun kita saya cedak kaliyan pungkasane ibadah shiyam Ramadhan.
Mangga kita sami tansah ningkatake ibadah supados saget manggihi kamulyan lan anugerah agung saking ngarsane Allah subhanahu wata’ala.
Wonten 9 anugrah kaggone tiyang kang tenanan nindakke shiyam sahingga shiyamipun menika ditampi dening Allah subhanahu wata’ala. Mangga para jamaah kita mangertosi sareng-sareng.
Anugrah Kaping Sepindah: Sifat Takwa
Salah satunggaling cara kangge nguwatakan lan ningkataken takwa inggih menika nglampahi shiyam ramadhan.
Anugrah Kaping Kalih: Pangapura Dosa
Salah setunggale kekhususan ibadah shiyam nggih punika Allah badhe paring pangapura dhumateng tiyang ingkang nindakake ibadah menika kanthi ikhlas lillahi ta’ala.
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam dawuh,
رَغِمَ أَنْفُ رَجُلٍ ذُكِرْتُ عِنْدَهُ فَلَمْ يُصَلِّ عَلَىَّ وَرَغِمَ أَنْفُ رَجُلٍ دَخَلَ عَلَيْهِ رَمَضَانُ ثُمَّ انْسَلَخَ قَبْلَ أَنْ يُغْفَرَ لَهُ وَرَغِمَ أَنْفُ رَجُلٍ أَدْرَكَ عِنْدَهُ أَبَوَاهُ الْكِبَرَ فَلَمْ يُدْخِلاَهُ الْجَنَّةَ
"Rugi banget kanggo wong sing jenenge disebut ing ngarepe nanging dheweke ora gelem shalawat marang aku. Lan pancen rugi banget kanggo wong sing mlebu ing wulan Ramadhan banjur rampung Ramadhan tapi dereng diampuni dosa-dosane. Satemene rugi banget yen wong ketemu ing sisihe (wong tuwa sing manggon bebarengan) wong tuwane utawa salah sijine wis tuwa nanging ora bisa nglebetake ing swarga." (HR. Tirmidzi)
Anugrah Kaping Tiga: Ganjaran Ageng
Kados ingkang dipun dawuhaken kalian Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam,
كُلُّ عَمَلِ ابْنِ اٰدَمَ يُضَاعَفُ، الْحَسَنَةُ عَشْرُ أَمْثَالِهَا إِلَى سَبْعمِائَة ضِعْفٍ، قَالَ اللهُ عَزَّ وَجَلَّ: إِلَّا الصَّوْمَ، فَإِنَّهُ لِي وَأَنَا أَجْزِي بِهِ، يَدَعُ شَهْوَتَهُ وَطَعَامَهُ مِنْ أَجْلِي
“saben amal becik anak adam bakal ditikelaken ganjarane. Siji kebecikan dibales sepuluh tikel ngantos pitungatus (700) tikel. Allah Ta’ala dawuh wonten ing hadits qudsi: Kejaba pasa, mergo sak temene pasa iku kanggo-Ku lan Aku langsung sing bakal bales, wong sing pasa ninggalna syahwat lan dhahar kerana Aku (Alloh swt).” (HR. Muslim No. 1151)
Anugrah Kaping Sekawan: Dislametake saka geni Neraka
Kados ingkang dipun dawuhaken kalian Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam,
إِنَّ لِلّهِ فِى كُلِّ يَوْمٍ عِتْقَاءَ مِنَ النَّارِ فِى شَهْرِ رَمَضَانَ، وَإِنَّ لِكُلِّ مُسْلِمٍ دَعْوَةً يَدْعُوْ بِهَا فَيَسْتَجِيْبُ لَهُ
“Saktemene Allah nggadahi saben dina anaing ramadhan tiyang kang dibebasake saka geni neraka, lan kanggone wong islam setunggal donga kang mustajab.” (HR. Al-Bazzar, Majma’ az-Zawa-id, 10/149)
Anugrah Kaping Gangsal: Lailatul Qadar
Lailatul Qadar inggih punika Wengi ingkang kebak kemulyan.
اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ فِيْ لَيْلَةِ الْقَدْرِ وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِۗ لَيْلَةُ الْقَدْرِ ەۙ خَيْرٌ مِّنْ اَلْفِ شَهْرٍۗ تَنَزَّلُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ وَالرُّوْحُ فِيْهَا بِاِذْنِ رَبِّهِمْۚ مِنْ كُلِّ اَمْرٍۛ سَلٰمٌ ۛهِيَ حَتّٰى مَطْلَعِ الْفَجْرِ
“Saktemene Ingsun wus nurunake Al-Quran ing jerone lailatul Qodar. Opotoh sira kabeh ngerti apa iku lailatul qodar?. Yaiku wengi kamulyan ingkang luwih becik tinimbang sewu wulan. Wonten dalu niku para malaikat lan malaikat Jibril sami mandap kelawan izine Gusti Allah kagem nata sedaya urusan. Tambahe keslametan ngantos metune fajar.” (QS. Al-Qadr: 1-5)
Anugrah Kaping enem: Ruhiyah
ruhiyah shiyam nggih punika ndidik sifat sabar. Dados shiyam menika pinangka tarbiyah Allah dhateng kawulane supados saya kuat lan kokoh sabare.
Gesang wonten alam donya menika mbetahaken sangu sabar, kranten kathah ujian sing kedah dilampahi. Sabar menika wonten tiga renane; Sabar nindakke perintah Allah, sabar ninggalake kemaksiyatan lan sabar ngadhepu ujian saking Allah subhanahu wata’ala. Tiyang kang sabar dijamin ganjaran ingkang ageng sanget saking ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala,
Anugrah Kaping pitu: Ijtima’iyah
Faedah Ijtima’iyah utawi sosial saking shiyam Ramadhan nggih punika mbangun prinsip persamaan antawise sesami tiyang Islam. Sae tiyang sugih utawi mlarat lan sae rakyat biasa utawi pejabat.
Sedayane ngraosaken ngeleh jalaran nindakake ibadah shiyam punika.
Anugrah Kaping wolu: Badaniyah
Terakhir badaniyah kanti shiyam Ramadhan nggih punika ndamel badan sehat. Kranten sumber penyakit menika ana ing lambung kamangka shiyam menika saget netralaken kahanan lambung.
Anugrah Kaping sanga: Amaliyah. Salah setunggal kewajiban ingkang kedah dipun laksanaaken tiang muslim minongko ngelampaih rukun islam ingkang kaping tigo, nggih meniko medalaken zakat fitrah.
Kito sedoyo kedah mahami bilih zakat fitrah niku bagian saking sifat ketakwaan. Zakat fitrah saget dipun wastani ngresiki awak ngresiki siyam kito saking tumindak lan ucapan ingkang kirang prayogi, lan gadah tujuan kangge mbantu fakir miskin lan dateng sederek kito ingkang kekirangan ing dinten riyaya fitri ngenjang.
Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah,
Mekaten, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kagem kulo pribadi lan jamaah samudayanipun.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرّٰحِمِيْنَࣖ
KHUTBAH KEDUA
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ ِ. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا
أَمَّا بَعْدُ،; فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلٰى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ
اَللهُمَّ اِنَّا نَسْئَلُكَ سَلاَمَةً فِى الدِّيْنِ وَعَافِيَةً فِى الْجَسَدِ وَزِيَادَةً فِى الْعِلْمِ وَبَرَكَةً فِى الرِّزْقِ وَتَوْبَةً قَبْلَ الْمَوْتِ وَرَحْمَةً عِنْدَ الْمَوْتِ وَمَغْفِرَةً بَعْدَ الْمَوْتِ. اَللهُمَّ هَوِّنْ عَلَيْنَا فِىْ سَكَرَاتِ الْمَوْتِ وَالنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ وَالْعَفْوَ عِنْدَ الْحِسَابِ .رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ
