KHUTBAH BULAN RAJAB BAHASA JAWA SIAP SIAP NYAMBUT RAMADHAN
KHUTBAH BULAN RAJAB BAHASA JAWA SIAP SIAP NYAMBUT RAMADHAN
Alhamdulillāhi rabbil ‘ālamīn. Sedaya puji kagungané Allah SWT, Dzat ingkang sampun paring sih, rahmat, lan hidayah dhateng kita sedaya, saéngga ing dinten menika kita taksih pinaringan kesehatan, iman, lan kesempatan nglaksanani ibadah Jumat kanthi khusyuk. Shalawat lan salam mugi tansah kajujugaken dhateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, kulawarganipun, para sahabat, saha umatipun ingkang setya ndherekaken sunnahipun dumugi akhir jaman.
Dinten menika kita sampun mlebet ing wulan Rajab, salah satunggaling wulan mulya ingkang kalebet asyhurul hurum, wulan-wulan suci ingkang dipunmulyakaken dening Allah SWT. Wulan Rajab dados wektu kang pas kanggé kita nambah rasa eling, nambah taqwa, lan ngresiki manah saking sipat-sipat ala ingkang asring tanpa sadar kita tindakaken ing saben dinten.
Wulan Rajab ugi dipunmangertosi minangka wulan persiapan ruhani sadèrèngipun rawuhipun wulan Sya’ban lan wulan Ramadhan. Ing wulan menika, umat Islam dipunanjuraken langkung sregep ndedonga, istighfar, lan nindakake amal shalih. Amargi, sapa waé ingkang saged ngisi wulan Rajab kanthi kebecikan, insyaAllah manahipun badhé langkung siyap nampi berkah Ramadhan.
Rajab ugi ngélingaké kita dhumateng salah satunggaling prastawa agung, yaiku Isra’ Mi’raj Nabi Muhammad SAW, prastawa ingkang ngandhut piwulang agung bab shalat minangka tiyang iman. Mula, ing wulan Rajab menika, prayogi kita sami ngévaluasi shalat kita: sampun trep wekdalipun, sampun khusyuk, lan sampun dados pilar utama ing gesang kita utawi dereng.
Mugi lumantar khutbah menika, kita sedaya saged ngreksa kemulyan wulan Rajab kanthi nambah iman lan taqwa, ngedohi maksiat, lan ngiyataken hubungan kita kaliyan Allah SWT saha sesami manungsa. Mugi Allah paring taufik lan hidayah dhateng kita sedaya. Āmīn yā Rabbal ‘ālamīn.
Khutbah I:
الحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ المشْرِكُوْنَ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ النَّبِيُّ الكَرِيْمُ المَيْمُوْنَ اللَّهُمَّ صَلِّ وسَلِّمْ عَلَى سيدِنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ الى يَوْمِ يُبْعَثُوْنَ، أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُوْصِيْكُمْ بِتَقْوَى اللَّهِ وقَدْ فَازَ المتَّقُوْنَ وَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
Ma’asyiral
Muslimin Rahimakumullah Monggo kito sami ningkataken takwo lan ajrih dumateng
Gusti Allah kanti tenanan, ing panggenan pundi kimawon, kanti tansah nindakaken
sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun, supados kita tansah pikantuk
rahmat lan kabegjan saking ngerso Gusti Allah. Shalawat serto salam mugi
keaturaken dumateng junjungan kito, nggih meniko Kanjeng Nabi Muhammad soho
keluargo lan sohabatipun. Gusti Allah dawuh:
وَأَطِيعُوا۟ ٱللَّهَ وَأَطِيعُوا۟ ٱلرَّسُولَ ۚ فَإِن تَوَلَّيْتُمْ فَإِنَّمَا عَلَىٰ رَسُولِنَا ٱلْبَلَٰغُ ٱلْمُبِينُ
Artosipun:
Lan podo ta’ato siro kabeh marang Gusti Allah lan Rasulullah, lamun siro kabeh
mengo (berpaling), mongko saktemene kewajibane utusan kito namung
nyampaiaken (amanat Allah) kanti pertelo. (At-Taghabun, 12)
Ayat meniko
pertelo sanget bilih taat utawi patuh dumateng Gusti Allah lan Rasulullah estu
kedah dilaksanaaken. Poro utusan sampun ajak-ajak lan nyampaiaken risalah kagem
sedoyo makhluk. Lamun mboten wonten ingkang nderek dumateng Rasulullah, mongko
saktemene bakal getunan.
Hadirin
Ingkang Minulyo Sakmangke kito sampun mlebet wulan Rajab ingkang
mashur nggadahi kamuliyan tur ganjaran, keranten wulan meniko Gusti
Allah nyebaraken rahmat lan ganjarane tanpo wates. Pramilo Kanjeng Nabi paring
contoh supados dedungo:
اللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِيْ رَجَبَ وَشَعْبَانَ وَبَلِّغْنَا رَمَضَانَ
Artosipun:
Duh Gusti Allah, kulo nyuwun tambahe barokah ingdalem wulan Rajab, lan
Sya’ban, lan kulo suwun dipun panggihaken kaliyan wulan Ramadan. Lajeng
punopo dipun wastani Rajab? Kanjeng Nabi
dawuh:
قِيْلَ لِرَسُوْلِ اللهِ لِمَ سُمِيَ رَجَبَ؟ قَالَ: لأنَّهُ يُتَرَجَّبُ فِيهِ خَيْرٌ كَثِيرٌ لِشَعْبَانَ وَرَمَضَانَ
Artosipun:
Dipun tangletaken dumateng Rasulullah, punopo dipun wastani Rajab?, Kanjeng
Nabi dawuh: kerono ingdalem Rajab kabeh amal dipun muliaaken kanggo
nyambut wulan Sya’ban lan Ramadan Tegese, wulan Rajab meniko wulan mulio
ingkang dipun kangge cawis-cawis nyambut wulan Sya’ban lan Ramadan.
Jamaah Jumat
Ingkang Dipun Rahmati Allah Kedah kito mangertosi bilih ingdalem wulan Rajab
katah peristiwa penting ingkang dumawah, ing antawisipun: Sepindah, Sayyidah
Aminah ngandung putro ingkang bakal dados Nabi akhir zaman, nggih meniko Nabi
Muhammad; Kalih, wonten peristiwa isra’ mi’raj Kanjeng Nabi Muhammad; Tigo,
perintah shalat limang wektu nalikane isra’ mi’raj. Babakan isra mi’raj niki
Gusti Allah sampun dawuh wonten surat Isra’ ayat 1:
سُبْحٰنَ الَّذِيْٓ اَسْرٰى بِعَبْدِهٖ لَيْلًا مِّنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ اِلَى الْمَسْجِدِ الْاَقْصَا الَّذِيْ بٰرَكْنَا حَوْلَهٗ لِنُرِيَهٗ مِنْ اٰيٰتِنَاۗ اِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ
Artosipun:
Moho suci Dzat ingkang ngelakoaken kawulane ingdalem wayah wengi saking
Masjidil Haram tumuju marang Masjidil Aqsa ingkang kito barokahi kiwo tengene
supoyo kito weruhaken tondo kekuasaan kito (dumateng Nabi Muhammad). Saktemene
Gusti Allah iku Dzat ingkang midanget tur waspodo. Tigo peristiwa ageng kasebat
nuduhaken dumateng kito sedoyo kautamaane wulan Rajab ingkang mboten dipun
nggadahi wulan lintune.
Pramilo,
monggo kito sareng-sareng ngatahaken istighfar lan tobat, shalat sunnah, poso
sunnah, nderes al-Quran, infaq lan sodaqoh ingdalem wulan meniko iinsyaalloh
ganjaranipun dipun tikel tikelaken. Mugo-mugo kito sedoyo saget istiqomah
anggenipun ngelampahi amal ibadah lan tansah istiqomah taqarrub dumateng Gusti
Allah, Amiin.
أعُوْذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ وَاعْبُدْ رَبَّكَ حَتَّى يَأْتِيَكَ الْيَقِيْنُ بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكمُ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، أَقُوْلُ قَوْليِ هذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ مِنْ كُلَّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغفِرُوْهُ؛ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيُم
Khutbah II:
الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيرًا كَمَا أَمَرَ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ إِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ وَأَشْهَدُ أَنْ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ سَيِّدُ الْخَلَائِقِ وَالْبَشَرَ صَلَّى اللَّهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ اجْمَعِيْنَ وَسَلَّمَ تَسْلِيمًا كَثِيرًا.
يَأَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللَّهَ وَافْعَلُوا الْخَيْرَ وَاجْتَنِبُوا عَنِ السَّيِّاتِ.
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ وَعَلَى التَّابِعِينَ وَتَابِعِ التَّابِعِينَ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِينَ اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُحِيبُ الدَّعَوَاتِ. اللهُمَّ انْصُرْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ اللهُمَّ أَصْلِحْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّد اللهُمَّ ارْحَمْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ اللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّينِ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِينَ. وَاجْعَلْ بَلْدَتَنَا انْدُوْنِيْسِيَا هَذِهِ بَلْدَةً آمِنَةً مُطْمَئِنَّةً وَسَائِرَ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً، اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغَلَاءَ وَالْبَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوفَ وَالْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ وَالْفِتَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِير.
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ
