KHUTBAH JUMAT BULAN MAULID BAHASA JAWA MEMPERBANYAK SHALAWAT

KHUTBAH JUMAT BULAN MAULID BAHASA JAWA MEMPERBANYAK SHALAWAT

Contents [Show Up]

Khutbah I

الحمدُ للهِ الذِي أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ اْلحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ اْلمُشْرِكُوْنَ  

. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْجَبَّارُ وَأَشْهَدُ اَنَّ حَبِيْبَنَا وَ نَبِيَّنّا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْاِنْسِ وَالْبَشَرِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ اَمَّا بَعْدُ فَيَاأَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ وَالْعَصْرِۙ اِنَّ الْاِنْسَانَ لَفِيْ خُسْرٍۙ اِلَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ ەۙ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ

Kaum Muslimin jamaah jum’at  rohimakumulloh

Monggo kita samiyo tansah nambahi takwa lan taat kita dateng Allah, kanti sarono nglampahi sedoyo perintah lan dawuh-dawuhipun, soho nilar sedoyo cegah lan awisanipun, ugi Syukur alhamdulillah wonten ing wekdal sameniko kito tansah pinaringan sehat, rahmat lan kebahagiaan saking ngarso Dalem Allah Ta’ala, wiwit dunyo puniko ngantos mbenjang dumugining akhirat. Amin. Ya Robbal’alamiin

KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA ANEKA PENDIDIKAN 12 BULAN HIJRIYAH ASYURA-MUHARAM

Sholawat soho salam tansah kaaturaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad saw., keluargi, lan sohabatipun ingkan sampun paring kateladanan akhlak mulya lan nuduhaken marang dalan ingkang lurus, inggih menika Islam rahmatan lil ‘alamiin. 

ma’asyirol muslimin rahimani wa rahimakumullah … 

Wonten wulan meniko, monggo kito sami ngatah-ngatahaken maos sholawat Nabi soho sami ngoreksi piyambek piyambek, sampun pas nopo dereng tumundak-tumindak kito kalian nopo ingkang sampun dipun wulangaken kanjeng Nabi? sampun saget nopo dereng nglampahi perkawis-perkawis ingkang dipun contoaken kanjeng nabi? sampun nglampahi nopo dereng perkawis-perkawis ingkang sampun dipun perintahaken deneng kanjeng nabi? 

Gusti Allah dhawuh:

قُلْ إِن كُنتُمْ تُحِبُّونَ ٱللَّهَ فَٱتَّبِعُونِى يُحْبِبْكُمُ ٱللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَٱللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ

Artosipun: “Ngucapa sira, Muhammad, lamun sira kabeh demen Allah, padha nganuta (ndherek) sira kabeh marang ingsun, mangka Allah bakal demen marang sira kabeh lan bakal ngapura dusa sira kabeh, saktemene Allah Dzat kang akeh ngapura tur welas asih.” (QS. Ali Imran: 31)

Allah ugi dawuh  wonten surat al-Hasyr ayat 7 :

وَمَا أتَاكُمْ الرَّسُولُ فَخُذُوهُ  وَمَا نَهَاكُمْ عَنْهُ فَانتَهُوْا

“Opo wae seng disampekne deneng rosul yakni nabi Muhammad SAW marang sliramu kabeh jupuken/alapen lan opo wae seng dilarang deneng rosul tinggalen”

Ayat meniko kanti jelas paring pangertosan dumateng kito bilih, menopo kemawon ingkang dipun wucalaken, ingkang dipun contoaken, ingkang dipun perintahaken deneng kanjeng nabi, kito minongko umat ipun kedah niru soho kedah nglampahi. Kosok wangsulipun, menopo kemawon ingkang dipun awisi, ingkang dipun larang, ingkang dipun tilar deneng kanjeng nabi, kito ugi kedah nilar, kedah dipun tebihi lan sampun ngantos dipun lampahi.

Selajeng menopo, ingkang kedah kito conto, kito tiru saking tindak lampahipun kanjeng nabi? Jawaban ipun katah sanget. Malah-malah sedoyo prilaku, sedoyo tindak danduk, toto kromo soho toto-coro gesang, sedoyo kolowau sampun dipun contoaken deneng kanjeng nabi. Kanjeng nabi sampun paring petunjuk katah sanget dumateng kito, kados pundi carane gesang bermasyarakat? kados pundi carane berkeluarga? Ngantos-ngantos dospundi coronipun mimimpin masyarakat.

HADIRIN JAMAAH JUM’AH rahimakumullah

Perlu dipun mangertosi bilih, nderek tindak lampahipun kanjeng Nabi, nglaksanaaken perintah-perintahipun kanjeng Nabi, kados dawuh kolowau, niru prilaku-prilakunipun kanjeng Nabi, meniko dipun hukumi sami kaliyan demen utawi seneng dateng kanjeng nabi. Kanjeng Nabi sampun dawuh (hadits marfu’) bilih:

مَنْ أَحْيَا سُنَّتِي  فَقَدْ أَحَبَّنِي  وَمَنْ أَحَبَّنِي كَانَ مَعِي فِي اْلجَنَّةِ

 “Sopo wonge ngurip-ngurip/nglakoni sunnahku mongko persasat deweke wus demen marang aku, sopo wonge demen marang aku, mongko mbesok bareng karo aku neng swargo”

Jamaah jumah ingkang minulyo, sak lintunipun kito berusaha nglampahi nopo ingkang sampun dipun dawauhaken Kanjeng Nabi, monggo wonten wulan maulud meniko kito sami ngatah-ngatahaken maos sholawat. Maos sholawat merupakan salah satu tanda cinta kita dateng Kanjeng Nabi. langkung-langkung Kanjeng nabi sampun dawuh bilih:

مَنْ كَانَ أَكْثَرُهُمْ عَليَّ صَلَاةً  كَانَ أَقْرَبُهُمْ مِنِّي مَنْزِلَةً

“Sopo wonge paling akeh mocone sholawat marang aku mongko persasat deweke seng paling cedek panggonane karo aku”.

Wonten hadits lintu kanjeng nabi ugi dawuh maleh:

أوْلَى النَّاسِ بِيْ يَوْمَ اْلقِيَامَةِ  أكْثَرُهُمْ عَليَّ صَلَاةً

“Manungso sing paling berhak nompo syafaatku mbesok dino qiyamat yoiku wong seng akeh mocone solawat marang aku”.

HADIRIN JAMAAH JUM’AH rahimakumullah

Wonten kitab الِّنعْمَةُ اْلكُبْرَى عَلَى اْلعَالَمِ  ingkang dipun karang deneng Imam Ibnu Hajar al–Haitami, shohifah 7 ngantos 8 dipun dawuhaken bilih:

قال أبو بكر الصديق رضي الله عنه  مَنْ أَنْفَقَ دِرْهَمًا عَلَى قِرَاءَةِ مَوْلِدِ النَّبِي صلى الله عليه وسلم كَانَ رَفِيْقِي فِي الجَنَّةِ

Sohabat Abu Bakar RA dawuh: “Sopo wonge infaq/sodaqoh duit sak dirham kanggo moco maulid Nabi mongko wong mau dadi koncoku mbesok ono ing swargo”

وقال عثمان رضي الله عنه   مَنْ أَنْفَقَ دِرْهَمًا عَلَى قِرَاءَةِ مَوْلِدِ النبِي صلى الله عليه وسلم فَكأنَّمَا شَهِدَ غَزْوَةِ بَدْرٍ وَحُنَيْنٍ

Sohabat ‘Ustman RA dawuh: “Sopo wonge infaq/ sodaqoh duit sak dirham kanggo moco maulid nabi, mongko koyo–koyo wong mau melu perang Badar lan perang Hunain”

Pramila, mangga kita nyuwun dhumateng Gusti Allah supados dipun paringi kekiyatan saged istiqomah ngelampahi shalawat, nglampaih ibadah,  ugi saged ndherek akhlak mulyanipun Kanjeng Nabi Muhammad. Sehingga, kita sedoyo saged kalebet umat ingkang pikanthuk syafaatipun Kanjeng Nabi mbenjang ing dinten akhir. Aamiin yaa rabbal ‘alamiin.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ بالقرأنِ العَظِيمِ   وَنَفَعنِي وَإِيَاكم بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْر اْلحَكيمِ   وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَا ومِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ  إنّهُ هو السميعُ العليم   أعوذ بالله من الشيطان الرجيم     قُلْ إِنْ كُنْتُمْ تُحِبُّونَ اللهَ فَاتَبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللهُ ويَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكم  واللهُ غفورٌ رحيمُ .

Khutbah II

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ وَالْاِسْلَامِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ. وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ وَالْإِحْتِرَامِ.

اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

 أَمَّا بَعْدُ. فَيَاأَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى اِنَّ اللهَ وَ مَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَ سَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلٰى أٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فْي الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

اللَّهُمَّ أَحْسِنْ عَاقِبَتَنَا فِى الأُمُورِ كُلِّهَا وَأَجِرْنَا مِنْ خِزْىِ الدُّنْيَا وَعَذَابِ الآخِرَةِ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

 رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ 

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ


عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ. يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَ اشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ


Post a Comment

Sitemaps