LATIHAN SOAL USP MUPEL BAHASA JAWA DAN KUNCI JAWABAN LENGKAP KISI-KISI SOAL Update 1

LATIHAN SOAL USP MUPEL BAHASA JAWA DAN KUNCI JAWABAN LENGKAP KISI-KISI SOAL Update 1

Contents [Show Up]

LATIHAN SOAL USP MUPEL BAHASA JAWA DAN KUNCI JAWABAN LENGKAP KISI-KISI SOAL Update 1

Walaupun situasi dan kondisi saat ini masih dalam masa pandemi, tapi Ujian Sekolah tetap dilaksanakan walaupun melalui daring ataupun luring, dengan tetap menerapkan Protokol Kesehatan secara ketat.

Penilaian pada Kurikulum 2013 sebenarnya tetap setiap muatan pelajaran, hanya saja dalam proses pembelajarannya saling terintegrasi dalam bentuk tematik dan saling terkait antara satu muatan pelajaran dengan muatan pelajaran lainnya.,  memang beberapa muatan pelajaran terutama di kelas tinggi, yaitu muatan pelajaran Matematika, Penjas, Pendidikan Agama, dan Muatan pelajaran lokal Bahasa daerah terpisah dan berdiri sendiri dalam proses pembelajarannya. Karenanya untuk mempermudah dalam menginput nilai, maka soal kami buat mengelompok dan permuatan pelajaran, sehingga akan sangat mempermudah dalam penilaian.

LATIHAN SOAL USP MUPEL BAHASA JAWA DAN KUNCI JAWABAN LENGKAP KISI-KISI SOAL Update 1

Latihan Soal USP dapat Bapak dan Ibu Guru ujicobakan pada siswa-siswi Anda. Semoga Siswa-siswi anda akan berhasil dengan nilai yang maksimal dan menjadi generasi penerus yang handal dan berkualitas serta berakhlaqul karimah.

Dalam mendukung usaha para guru mengukur penguasaan materi siswa-siswinya, kami menyajikan beberapa soal USP yang dapat diujicobakan dan dapat mengukur kemampuan siswa siswi kelas 6 SD/MI. Saya yakin dengan usaha yang keras dan sungguh-sungguh pada akhirnya akan menghasilkan output (lulusan) yang memuaskan. Soal yang kami sajikan sudah disesuaikan dengan indikator-indikator yang harus dikuasai oleh siswa/siswi kelas 6.

Kisi- kisi tes merupakan rancangan tujuan- tujuan khusus dan perilaku-perilaku khusus yang akan menjadi dasar penyusunan soal- soal dengan tujuan agar tes yang kita susun tidak menyimpang dari bahan (materi) secara aspek kognitif (pengetahuan), afektif (tingkah laku), maupun psikomotor (keterampilan) yang akan dicakup dalam tes, dibuatlah sebuah tabel grid, kisi- kisi atau blue print. Ujudnya adalah sebuah tabel yang memuat tentang perincian materi kognitif dan tingkah laku serta keterampilan yang harus dikuasai siswa beserta imbangan/proporsi yang dikehendaki oleh penilaian. Setiap kotak diisi dengan bilangan yang menunjukan jumlah soal, nomor soal. Tabel spesifikasi diperlukan sebagai dasar atau pedoman dalam pembuatan soal-soal dalam penyusunan tes.


KISI-KISI SOAL SELENGKAPNYA DAPAT ANDA DOWNLOAD PADA LINK DI BAGIAN BAWAH


Aja Jothakan


Wis sawetara dina

Widada ora dolan ing omahe kancane

Uga ora didolani kancane


Ibune Widada cubriya

Nanging Widada ora gelem blaka


Mbakyune Widada matur

Bocah-bocah padha jothakan

Ora padha gelem omong-omongan


Ibune banjur ngendika

Jothakan iku ngedohake paseduluran

Nutup rahmate Pangeran


1.  Tegese tembung “blaka” sajroning geguritan ing ndhuwur yaiku…

A.  ora ngakoni

B.  omong apa anane

C.  meneng ora omong

D.  omong sakarepe


2.  Kepiye piwulang luhur sing kinandhut sajroning geguritan “Aja Jothakan”?

A.  Jothakan kaliyan kanca menika boten prayogi

B.  Menawi jothakan ampun kaliyan  kanca

C.  Mumpung taksih alit mangga sami jothakan

D.  Kenging jothakan nanging ampun dangu-dangu


3.  Apa isine geguritan “Aja Jothakan”?

A.  Sapa sing jothakan bakal entuk rahmate Pengeran 

B.  Wong jothakan dibelani sedulur 

C.  Jothakan ora apik merga nutup rahmate Pengeran

D.  Yen jothakan aja karo sedulur


Prabu Yudhistira

Prabu Yudhistira iku raja ing negara Amarta. Prabu Yudhistira kawentar minangka paraga sing lugu, jujur, lilan lan sabar. Lilan tegese apa bae barang darbeke yen ditembung uwong mesthi diwenehake kanthi leganing ati. Prabu Puntadewa uga ora tau nesu senajan digawe ala dening liyan.  

Nalika Perang Baratayuda dikongkon goroh marang Pandhita Durna dening Prabu Kresna. Senajan wis diarih-arih, Prabu Yudhistira tetep ora gelem goroh. Sidane mung dikongkon supaya swarane dilirihake.


4.  Apa buktine menawa Prabu Yudhistira nduweni watak jujur?

A.  Diarih-arih kon goroh tetep ora gelem goroh

B.  Yen kandha tansah alon lan swarane dilirihake

C.  Ora tau padu lan bisa ngemong kabeh sedulure

D.  Yen duwe barang mesthi diwenehake marang liyan


5.  Prabu Yudhistira kawentar sabar. Ukara sing nuduhake watak kasebut tinemu ing …. 

A.  paragraf ka-1 ukara ka-1

B.  paragraf ka-1 ukara ka-2

C.  paragraf ka-1 ukara ka-3

D.  paragraf ka-1 ukara ka-4


Tedhak Siti

Tedhak siti iku salah sijine upacara adat Jawa kanggo bocah umur pitung lapan. Ana uga sing nyebut “Mudhun Lemah” utawa “Udhun-udhunn” Upacara iki ing dherah liya uga ana, contone sing diarani “Injak Tanah” ing dhaerah Jakarta. 


6.  Tedhak siti iku upacara adat kanggo bocah umur pira?

A.  pitung lapan

B.  pitung dina

C.  pitung minggu

D. pitung taun


7.  Jaka Tingkir

Jeneng asline yaiku Mas Karebet, putrane Ki Ageng Pengging. Nalika umur 10 taun, Mas Karebet dipek anak dening Nyi Ageng Tingkir. Wiwit iku Mas Karebet kawentar kanthi jeneng Jaka Tingkir.

Tembung “kawentar” tegese …

A.  disenengi wong akeh

B.  digoleki wong akeh

C.  disengiti wong akeh

D.  dingerteni wong akeh


8.  Sapa jeneng asline Jaka Tingkir?

A.  Ki Ageng Pengging

B.  Nyi Ageng Tingkir

C.  Ki ageng Mas Karebet

D.  Mas Karebet


Gambuh 


Sekar Gambuh kang katur

muga dadi peling lan pitutur

tutur becik kanggo laku para murid

Kareben ora katutuh

Murid tumindaknya awon

9.  Kepiye kareben murid ora ketutuh?

A.  tandah golek biji apik

B.  ngeling-eling pitutur

C.  aja tumindak ala

D.  bisa kena kanggo crita


10. Apa isine tembang Gambuh ing ndhuwur?

A.  Para siswa kedah pinter. Awit tiyang pinter saged dados conto tiyang sanes

B.  Tiyang kedah dipun tutuh. Caranipun kanthi mituhu dhumateng pitutur sae.

C.  Pepenget sae kedah dipun enget-enget. Kanthi makaten gesangipun saged dipun conto.

D. Pepenget supados para siswa boten dipun paiben. Caranipun ampun tumindak awon. 


TEKS PIDATO

        Unggah-ungguh Ngginakaken Situs Jejaring Sosial Kangge Para Siswa


Wilujeng enjang.


              Ingkang kulo hormati Kepala SD Ngudirejo, ingkang kulo hurmati guru-guru ugi staf karyawan SD Ngudirejo, saha rencang-rencang ingkang kulo tresnani.

              Ingkang sepindhah sumangga kita aturaken puji sukur dhumateng Gusti ingkang maringi rahmat kaliyan hidhayahipun dhateng kita sedaya saengga kita saget makempal ingkang dinten punika kangge mengeti dinten Pendhidhikan Nasional.

                Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, Bapak/Ibu Guru, kaliyan sedanten rencang-rencang ingkang  kulo tresnani, kula aturaken matur nuwun ingkang kathah minangka kapercayaan saha kalodhangan ingkang dipunparingaken dhateng kulo kagem maos pidhato kanthi irah-irahan “Ungguh –Ungguh Ngginakaken Situs Jejaring Sosial kangge Para Siswa”.

     Para rawuh ingkang kulo tresnani,

     Asring kita miring tembung jejaring sosial ing pagesangan saben dinten.Jejaring sosial kathah dipunagem marang sedaya tiyang, kalebet kita minang para siswa. Jejaring sosial inggih punika salah setunggaling website adhedhasar pelayanan ingkang saget ndadosaken tiyang damel profil, ngajak utawi nampi rencang kagem nggabung ing situs kasebat. Warni-warni jejaring sosial inggih punika facebook, twitter, instagram, hello, lan sapanunnggalanipun. Jejaring sosial sampun dipunginakaken marang para siswa ing Indonesia.Jejaring sosial punika kedah dipungginakaken kanthi wicaksana.Jejaring sosial ingkang boten dipunmanfaataken kanthi sae saged maring dampak negatife kagem masyarakat inggih menika:

1. Saged ngirangi prestasi siswa.

2. Mirsani video ingkang boten prayogi dipunpirsani.

3. Boten sae kagem kesarasan amargi dangu ing ngajeng computer utawi laptop, naming kagem dolanan jejaring sosial.

4. Para siswa kesupen dhateng wedal

Para siswa ingkang sampun biyasa nnginakaken jejaring sosial  kedah mangertos unggah-ungguhipun ngginakaken jejaring sosial .Unggah-ungguh sae saking pengagem jejaring sosial tumrap para siswa inggih punika:

1. Ngurmati tiyang sanesipun kanthi ngginakaken basa ingkang sae nalika wonten ing jejaring sosial.

2. Nggadhahi ancas kangge ningkataken sesrawungan supados langkung sae.

3. Nggadhahi ancas kangge ningkataken pengetahuan tumrap para siswa.

4. Ngginakaken jejaring sosial  boten saben dinten, nanging wonten ing wedal ingkang boten ngganggu sinau.

Para rawuh ingkang kulo tresnani,

               Kita sami kedah ngatos-atos ngginakaken jejaring sosial  samenika. Kita ugi kedah mbedakaken pundi unggah-ungguh sae kaliyan awon ingkang saget maringi manfaat kagem kita. Wonten ing dinten Pendhidhikan menika, kita sami para siswa kedah ngirangi kagiyatan ingkang ngirangi wedal kangge sianu.

Sumangga kita ngginakaken teknologi internat  kangge kagiyatan ingkang positif kados ta kangge madosi maneka warni informasi wulangan.

              Wasana cekap semanten atur kulo, mugi-mugi  punapa ingkang kulo aturaken saged nyaosi manfaat dhumateng kita sedaya. Menawi wonten kiranging atur saha kirang trapsilaning tindak-tanduk, kulo nyuwun gunging  pangaksama.

Matur nuwun.


11. Tema kang jumbuh karo isi naskah pidato tersebut yaiku….

      A. Tehnologi   

      B. Kesenengan

      C. Pendhidhikan

      D. Kesarasan


12. TEKS PIDATO

      

        Unggah-ungguh Ngginakaken Situs Jejaring Sosial Kangge Para Siswa


Wilujeng enjang.


              Ingkang kulo hormati Kepala SD Ngudirejo, ingkang kulo hurmati guru-guru ugi staf karyawan SD Ngudirejo, saha rencang-rencang ingkang kulo tresnani.

              Ingkang sepindhah sumangga kita aturaken puji sukur dhumateng Gusti ingkang maringi rahmat kaliyan hidhayahipun dhateng kita sedaya saengga kita saget makempal ingkang dinten punika kangge mengeti dinten Pendhidhikan Nasional.

                


Teks Sesorah ing inggil kasebut diarani ….

      A. Pangarep-arep 

      B. Surasa Basa

      C. Salam Pambuka

      D. Wasana Basa


13. Teks Cerita Wayang

      

        Karna Madeg Senopati


Perang Baratayuda yaiku perang tandhing antarane Pandhawa lan Kurawa. Pandhawa iku pralambang watak becik, dene Kurawa iku pralambnag watal elek. Perang Bratayuda kedadean amarga Prabu Duryudana tetep ngakoni Negara Ngastian dadi duweke. Nalika Perang Baratayuda, Pandhawa lan Kurawa  padha-padha ngetokake senapati dadi menggala yudane prajurit.Senapatine Kurawa kang nduweni kadigdayan lan bisa ngalahake bala Pandhawa yaiku Resi Biswa. Resi Bisma banjur dikalahke Srikandi. Sawise kelangan senapati kang kuwat. Prabu Duryadana misudha Pandhita Durna dadi senapatine Kurawa. Perang Baratayuda wis lumaku pirang –pirang dina. Wis akeh senapatine Kurawa lan Pandhawa kang pralaya ing Tegalkurusetra. Senapitine Pandhawa sing wis pralaya yaiku Raden Abimanyu lan Gathutkaca. Senapatine Kurawa sing wis pralaya yaiku Pandhita Durna Lan Raden Dursasana. 

           

Apa jenenge  perang antarane Pandhawa lan Kurawa ing inggil punika ….

      A. Perang Baratayuda 

      B. Perang Badar

      C. Perang Dunia 

      D. Perang Gerilya


14.   Teks Cerita Wayang

      

        Karna Madeg Senopati


Perang Baratayuda yaiku perang tandhing antarane Pandhawa lan Kurawa. Pandhawa iku pralambang watak becik, dene Kurawa iku pralambnag watal elek. Perang Bratayuda kedadean amarga Prabu Duryudana tetep ngakoni Negara Ngastian dadi duweke. Nalika Perang Baratayuda, Pandhawa lan Kurawa  padha-padha ngetokake senapati dadi menggala yudane prajurit.Senapatine Kurawa kang nduweni kadigdayan lan bisa ngalahake bala Pandhawa yaiku Resi Biswa. Resi Bisma banjur dikalahke Srikandi. Sawise kelangan senapati kang kuwat. Prabu Duryadana misudha Pandhita Durna dadi senapatine Kurawa. Perang Baratayuda wis lumaku pirang –pirang dina. Wis akeh senapatine Kurawa lan Pandhawa kang pralaya ing Tegalkurusetra. Senapitine Pandhawa sing wis pralaya yaiku Raden Abimanyu lan Gathutkaca. Senapatine Kurawa sing wis pralaya yaiku Pandhita Durna Lan Raden Dursasana. 

Sawise Pandhita Durna gugur dening Prabu Drestajumena, Prabu Duryudana susah atine. Senapati kang nduweni kadigdayan kang ampuh saka Kurawa wis padha gugur. Prabu Duryadana banjur milih Adipati Karna dadi senapati. Adipati Karna iku satriya sing nduweni kasekten lan setya marang Negara Ngastina. Adipati Karna ngabekti marang Prabu Duryudana amarga ngrumangsani dheweke diweni pangkat lan drajat dening Prabu Duryadana.

“Kakang Adipati Karna, susah ati kula, Bapa Pandhita Durna sampun gugur wonten ing palagan. Adhi kulo, Dursasana, inggih sampun pejah dening Werkudara. Dinten salajengipun, kulo suwun panjenengan jumeneng dados senapati perang Kurawa ing Kurusetra.

           

Sawise Pandhita Durna gugur dening Prabu Drestajumena, banjur Prabu Duryudana milih … kang dadi senopatine.

      A. Durna

      B.  Adipati Karna

      C.  Kurawa

      D.  Pandhawa


15. Teks Cerita Wayang

      

        Karna Madeg Senopati


Perang antarane Adipati Karna lan Raden Arjuna kondhang kanthi lakon Karna Tandhing. Adipati Karna sing bagus pasuryane nduweni watak kendel , setya marang kanca, lan dumeh amarga rumangsa bisa nandhingi kapinterane Raden Arjuna. Adipati Karna ngasta panah Wijayadanu. Raden Arjuna ngasta panah Pasopati. Ing Tegalkurusetra nalika Raden Arjuna lan Adipati Karna tandhing para prajurit surak gumuruh. Adipati Karna bisa ngungguli Raden Arjuna amarga panahe bisa nugelake panahe Raden Arjuna. Nalika kuwi srengenge wis ora katon amarga Adipati Karna satriya sing manut aturan Perang Baratayuda saengga Adipati Karna ora nerusake mateni Raden Arjuna. Miturut aturan Perang Baratayuda, nalika srengenge wis ora katon, perang kudu dirampungake dina kuwi lan diterusake dina sesuke.   

       

Perang antarane Adipati Karna lan Raden Arjuna kondhang kanthi lakon yaiku…


      A.  Karna mati

 B.  Karna gugur

 C.  Karna lawan

      D.  Karna Tandhing


16.    Tembang Pangkur cacahe ono …gatra


      A.  6

 B.  7

      C.  8

      D.  9


17. Teks bacaan Cerita legendha

                                                    Rawa Pening

  

       Ing Redi Merbabu wonten pandhita gadhah putra dados sawer.Sawer kala wau tansaya dangu tansaya ageng. Nuju setunggaling dinten sawer punika murugi pertapanipun Sang Pandhita. Sang Pandhita kersa ngaken putra, waton sawer wau purun tapa nglekeri Redi Merbabu. Sang Pandhita wasana wicanten mekaten”Eh ula, teka elok temen kowe ngaku anak marang kowe yen kowe gelem tapa nglekeri Gunung Merbabu iki nganti temu gelang, yen kowe bisa nyakepi gunung iki ya tak aku anakku temenan.

      Kacariyos sawer wau lajeng tapa nglekeri Redi Merbabu supados saged gathuk antawisipun sirah kaliyan buntutipun. Sareng pethithing buntut kacobi badhe kagathukaken kaliyan sirah, tasih cupet. Sawer punika lajeng nyobi ngedalaken ilatipun supados saged gathuk. Sang Pandhita sumerep lajeng ilat punika dipuntigas. Kethokanipun ilat wau dados pusaka. Sawer wau boten pejah, badanipun tansaya dangu tansaya boten ketawis saking kathahipun rerungkudan. 


17.  Apa irah-irahan cerita legendha ing duwur iku  …


 A. Redi Merbabu 

 B.  Gunung Merbabu

 C.  Rawa Pening

 D.  Ambarawa


18. Teks Srikandi Madeg Senopati


      Para Putra Wirata yaiku Raden Utara, Raden Wratsangka,lan Raden Arya Seta sing dadi senapatine Pandhawa padha gugur dadi kusumane bangsa. Katelune gugur ing perang Bartayuda nalika mungsuh Resi Bisma. Mulane kulawarga Pandhawa banjur rundhingan nemtoakake sapa sing bakal madeg senapati ngganteni para putrane Prabu Matswapati sing padha gugur. Prabu Matswapati kuwi ratu ing Negara Wirata sing ngrewangi Pandhawa amarga kepotangan budi marang para Pandhawa sing biyen nylametake Negara Wirata.

     Prabu Kresna disuwuni pramrayogo, kira-kira sapa sing bisa ditandhingake karo senapatine Kurawa, yaiku Resi Bisma sing kasektene ngedab-edabi. Prabu Kresna banjur kelingan lelakon kang wis kawuri. Panjenengane kelingan nalika Resi Bisma isih timur lan isih nganggo jeneng Raden Dewabrata. Nalika iku ana wanodya aran Dewi Amba sing pengin suwita marang sang Dewabrata, nanging amarga panjenegane nglakoni wadat utawa ora bakal duwe garwa, mula Dewi Amba katulak. Kanggo meden-medeni supaya Dewi Amba ora nyedhak, Raden Dewabrata ngetokake jemparinge. Nanging tanpa kanyana-nyana jemparinge kuwi mrucut lan mleset ngenani dhadhane Dewi Amba. Sanalika Dewi Amba mati, nanging sukmane duwe pangajab bakal males pati marang Raden Dewabrata.

       

Sapa bae  para Putra Wirata iku  …


      A. Raden Utara, Raden Wratsangka, Raden Karna 

      B.  Raden Utara, Raden Wratsangka, Raden Werkudara

      C.  Raden Utara, Raden Wratsangka, Raden Arya Penangsang

      D. Raden Utara, Raden Wratsangka, Raden Arya Seta


19.      “?ajfu[mhpin/TebnJu/kuminTe/\”

          Aksara Jawa ing inggil iku tulisen nganggo aksara latin!


      A . Aja dumeh pinter banjur kuminter

 B.  Aja dumeh pinter keblinger

      C.  Aja dumeh pinter tukang ngapusi

      D.  Aja dumeh pinter banjur ngawur


20.  “Resi Bisma gugur ing palagan”.


        Ukara –ukara ing duwur iku tulisen nganggo aksara Jawa!


      A . ?xsibisMgugur ana ing gunung\

 B.  ?xsibisMgugu ing pati\

      C.  ?xsibisMgugu/ai=palagan\

      D.  ?xsibisMgugu ana ing alas\


21. Sendratari Ramayana

     Sendratari Ramayana minangka pagelaran seni kang awujud tarian ing drama sing dianakake kanggo ngunggah-unggahi. Seni iki diarani Sendratari Ramayan amarga crita sing digelar dijupuk saka crita Ramayana. Sendratari Ramayana iki asring digelar ing kompleks Candhi Prambanan, Yogykarta. 

     Crita Ramayana minangka salah sawijining crita wayang sing misuwur banget ing Indonesia. Pagelaran iki nyritakake perjuangan lan katresnan Rama marang Sinta sing kadusta dening Raja Alengka., iya Rahwana. Saliyane ngemot crita katresnan lan perjuangan, crita iki uga ngandhut kebecikan sajrone perang angkara murka amarga critane ora cekak. Ing pameran Sendratari Ramayana, crita iki diringkes lan kabage dadi patang episode, yaiku ilange Sinta, pangulandarane Anoman menyang Alengka, matine Kumbakarna lan Rahwana, uga patemon Rama lan Sinta.


Tembung sing dicithak kandel tegese.…

A. Terkenal

B. Dhuwur

C. Mundhur

D. Lestari


22. Sendratari Ramayana

    Sendratari Ramayana minangka pagelaran seni kang awujud tarian ing drama sing dianakake kanggo ngunggah-unggahi. Seni iki diarani Sendratari Ramayana amarga crita sing digelar dijupuk saka crita Ramayana. Sendratari Ramayana iki asring digelar ing kompleks Candhi Prambanan, Yogykarta.

     Crita Ramayana minangka salah sawijining crita wayang sing misuwur banget ing Indonesia. Pagelaran iki nyritakake perjuangan lan katresnan Rama marang Sinta sing kadusta dening Raja Alengka, iya Rahwana. Saliyane ngemot crita katresnan lan perjuangan, crita iki uga ngandhut kebecikan sajrone perang angkara murka amarga critane ora cekak. Ing pameran Sendratari Ramayana, crita iki diringkes lan kabagi dadi papat episode, yaiku ilange Sinta, pangulandarane Anoman menyang Alengka, matine Kumbakarna lan Rahwana, uga patemon Rama lan Sinta.


Sendratari Ramayana iki asring digelar ing….

A. Kompleks Candhi Borobudhur

B. Kompleks Candhi Kalasan

C. Kompleks Candhi Prambanan

D. Kompleks Candhi Mendhut


23. Gugure Raden Gathotkaca


      Perang Baratayuda, perange para Kurawa mungsuh Pandhawa wis oleh pirang-pirang dina. Raja Astina, Prabu Duryudana, nandang duhkita. Ora sethithik prajurit Astina sing gugur ing Tegal Kurusetra jroning Paprangan Baratayuda.Putrane Prabu Duryudana yaiku Raden Lesmana Mandrakumala lan putrane Adipati Karna kang aran Raden Warsa Kusuma gugur dening Raden Abimanyu. Abimanyu kuwi putrane Raden Arjuna, panengahing Pandhawa. Senapati Astina liyane kang gugur yaiku satriya Buwana Keling Raden Jayadrata, Pandhita Talkandha, Resi Bisma, lan Pandhita Sokalima, yaiku Pandhita Durna.

      Kanggo nebus sungkawane , Prabu Duryudana njumenengake Adipadi Karna dadi senapati perange Astina. Adipati Karna kinen tumuju pakuwone para Pandhawa. Kamangka wektu kuwi isih ndungkap wayah bengi. Pangajape Prabu Duryudana, mumpung para Pandhawa padha kepenak anggone nendra mula gampang diperjaya.  

 

Pokok-pokok isi crita paragrap kapisan, yaiku….

A. Nebus sungkawa 

B. Perang Baratayuda

C. Perange Prabu Duryudana

D. Adipati Karna dadi senapati


24. Watak luhure Raden Gathotkaca kang bisa ditiru,yaiku….

A. Ala,ora netepi kewajiaban

B. Jirih, ora wani ngadhepi musuh

C. Gampang nesulan seng goroh

D. Jujur, kendel, lan seneng tetulung


25. Wacanen crita pengalaman ing ngisor iki!


Monumen Jogja Kembali


    Tanggal 28 Oktober 2019 sekolahan kulo ngawontenaken kegiatan tengah semester. Kula lan rencang-rencang ngawontenaken study tour ing Yogyakarta. Kula lan rencang-rencang nekani papan wisata ingkang sae-sae. Salah satunggalipun inggih menika Candhi Borobudur. Teng mriku kathah turis sing lagi preinan.

    Siyangipun,kula dhateng Monumen Jogja Kembali.Wonten mriku kula ninggali pilem Dokumenter Rapat Bung Karno.Wonten mrika ugi wonten meriam diagem perang Republik Indonesia.

    Saking Monjali,kula lan rencang-rencang nglajengaken wonten ing Taman Pelangi.Wonten mrika kathah sanget dolanan ingkang mbungahaken, kados to trampoline.Dolanan trampolin niku nyenengake,ananging menawi mboten biyasa,saged dhamel eneg.


Wonten Monjali ningali pilem dokumenter yaiku….

A. Perang Belanda kaliyan Indonesia

B. Rapat Bung Karno

C. Meriam tinggalan Belanda

D. Pidato Bung Hatta


26. Wacanen crita ing ngisor iki !


Dolan Menyang Taman Maerakaca


    Nalika preinan, Bawa, Asti, Puji, lan bapak ibune piknik. Bawa skulawarga padha piknik menyang Taman Maerakaca. Bawa topinan, nyangklong tustel ing pundhake, lan nganggo tas pinggang. Wah, kaya wartawan cilik. “Mas, aku difoto,” panjaluke Asti adhine. Asti lan Puji padha rangkulan difoto dening Bawa. Bapak ibune mung ngawasi solah tingkahe putrane. Jeprat-jepret, pindhah kana pindhah kene sakulawarga padha eksen. Bawa dadi juru potret kaya fotografer.


 Manut isine wacan, topik kang cocok yaiku….

A. Piknik

B. Kesenangan

C. Kasarasan

D. Kabudayaan


27. Padha gulangen ing kalbu,

Ing sasmita amrih lantip,

Aja pijer mangan nendra,

Kaprawiran den kaesthi,

Pesunen sariraniro,

Cegah dhahar lawan guling.


Tembung kang dicetak miring tegese….

A. Pratanda

B. Latihan

C. Kulina

D. Ngilangi 


28. Dene awas tegesipun,

Weruh warananing urip,

Miwah wisesaning tunggal,

Kang atunggil rina wengi,

Kang mukitaning sakarsa,

Gumelar ngalam sakalir.


Ukara kang dicithak kandel tegese….


A. Ngerteni pepalanging donya

B. Nyawiji karo sing gawe urip

C. Ngabulake panyuwun

D. Ing wektu awan lan wengi




29. Gatekna pethilan sesorah ing ngisor iki!


(1) Mekaten ingkang saged kula aturaken. Mbok bilih anggen kula matur pinangka wakilipun adhik-adhik kelas wonten kekirangan lan kalepatanipun utawi kirang sopan, kula nyuwun pangapunten.

(2) Salejengipun kula inggih ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak saha Ibu Guru ingkang sampun nggulawentah kula sarencang wiwit kelas setunggal ngantos kelas enem.

(3) Ingkang dhadhat kinurmatan Bapak Kepaa Sekolah, lajeng Bapak Ibu Guru ingkang kula urmati, kanca-kanca kelas 6 serta adhik-adhik ingkang kula tresnani.

(4) Puji sokur kula aturaken dhumateng Gusti Ingkang Mahaagung ingkang sampun paring bagas kasarasan dhumateng kita sedaya. Awet kita saged pepanggihan ing pasamuan punika. Ing kawontenan punika kita saged kempal kanthi sehat wal’afiat.


Perangan sesorah kang diarani purwaka basa dituduhke nomer  . . . .

A. (1) lan (2)

B. (1) lan (3)

C. (2) lan (3)

D. (3) lan (4)



30. Salajengipun kula inggih ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak saha Ibu Guru ingkang sampun nggulawentah kula sarencang wiwit kelas setunggal ngantos kelas enem . . . .


Topik kang gumathok adhedhasar pethikan sesorah ing dhuwur yaiku . . . .

A. tanggap warsa

B. wisuda kelas enem

C. perpisahan kelas enem

D. pengetan dina pahlawan


31. “Mboten keraos kula lan rencang sebrayat sampun nglampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki . . . .”


Tegese tembung kang dicithak kandhel yaiku . . . .

A. ilmu

B. mulang

C. sekolah

D. nyambut gawe


32. Simbah   :  “Ti, Ti, tangia”

Siti           :  “Wonten napa, Mbah? Kula tasih . . . .”


Tembung kang trep kanggo ngganepi pacelathon kasebut yaiku  . . . .

A. sinau

B. ngantuk

C. maca 

D. nulis


33. Bapak   : “To, mrenea! rewangen Bapak ngresiki pekarangan omah!”

Narto    : “Nggih, Pak! kula mendhet sapu ijuk rumiyin.”

Bapak   : “Iya. Jupukna arit sisan kanggo mbabat suket ana pekarangan.”

Narto    :  “Nggih, Pak, punika aritipun.”


Tema kang trep adhedhasar pacelathon ing dhuwur yaiku . . . .

A. kasarasan

B. kaendahan

C. kabersihan

D. kasenengan


34. Gatekna pacelathon ing ngisor iki!


Bima   : “Lagi ngapa ta, Di?”

Tardi   : “Iki lho Bim, nggambar pemandangan."

Bima   : “Lho, gambar wit-witan kok godhonge abang, kepriye kuwi, Di?"

Tardi   : “Lho apa ora entuk yen godhong warna abang?"

Bima   : “Entuke ya entuk, mung lumrahe godhong iku ijo, apa maneh kembange werna 

                kuning, mengko rak katon endah."

Tardi   : “Karepku supaya beda karo kancane. Ning yen dakrasa bener kandhamu, Bim. 

                Nuwun ya panyaruwene.”

Bima   : “Iya, padha-padha, Di.”


Isine pacalethon ing dhuwur yaiku ....

A. Tardi ora gelem dikritik

B. Tardi manut sakarepe dhewe

C. Tardi bisa nampa panyaruwene Bima 

D. Tardi ora bisa nampa panyaruwene Bima 


35. Pacelathon ing ngisor iki kanggo pitakonan nomer 34-35!


Bima   : “Lagi ngapa ta, Di?”

Tardi   : “Iki lho Bim, nggambar pemandangan."

Bima   : “Lho, gambar wit-witan kok godhonge abang, kepriye kuwi, Di?"

Tardi   : “Lho apa ora entuk yen godhong warna abang?"

Bima   : “Entuke ya entuk, mung lumrahe godhong iku ijo, apa maneh kembange werna 

                kuning, mengko rak katon endah."

Tardi   : “Karepku supaya beda karo kancane. Ning yen dakrasake bener kandhamu, Bim. 

                Nuwun ya panyaruwene.”

Bima   : “Iya, padha-padha, Di.”


Amanat kang bisa kapethik saka pacelathon ing dhuwur yaiku . . . .

A. Aja pisan-pisan nampa panyaruwene wong

B. Aja gelem menawa ana wong aweh panyaruwe 

C. Aja ditampa panyaruwene wong, kritikan amung ndadekake bubrah

D. Sabisa-bisane panyaruwe iku ditampa, ora kabeh kritik iku ala




36.  Wacanen kanthi premati


Putrane Prabu Pandhu cacahe lima, yaiku Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula, lan Sadewa. Puntadewa sasedulur diarani Pandhawa, sing ateges atmajane Pandhu.

Putrane Pandhu sing nomer loro, yaiku Raden Werkudara uga duwe sesilih Bratasena, iya Bimasena. Laire Bimasene angel banget. Beda karo sedulur-sedulure, olehe lair aneh. Sebabe ora wujud jabang bayi kaya salumrahe, nanging wujud bungkus. Glundhang-glundhung kaya bal urip.


Gawea ringkesan nganggo basa krama adhedhasar crita ing ndhuwur. Cukup 4 utawa 5 ukara.


KUNCI JAWABAN:

Putranipun Prabu Pandhu Dewanata cacahipun gangsal. Putra nomer kalih sesilih Werkudara utawi Bratasena. Benten kaliyan sedherek-sedherekipun, lairipun Werkudara wujud bungkus. Glundhang-glundhung kados bal.


LINDHU

Yaiku sawijining kedadean alam sing asring kedadean ana ing Negara awake dhewe. Lindhu uga kasebut gempa bumi yaiku horeging bumi amarga ana kerak bumi sing obah. Obahing kerak bumi kuwi mau nyebabake anane aliran gelombang ing njero bumi sing nyebar ing sakiwatengene. Sebab liyane lindhu yaiku amarga ana gunung sing arep njeblug. Miturut ahli geologi, lindhu iku ana punjere banjur nyebar ing sakiwatengene. Punjere lindhu bisa ana ing njero bumi utawa uga ana ing njero dharatan. Lindhu kalebu prastawa sing ora bisa dinyana-nyana. Nalika ana lindhu, wong-wong padha mlayu golek papan panggonan sing aman. Kabeh wong padha kamiwedanan, bumi kaya dihoreg kiwa manengan padha mlayu ngadohi omah-omah lan gedhung sing padha ambruk. Lindhu sing asline arupa gelombang iku nduwe energi sing gedhe banget, mulane lindhu bisa ngrusak omah-omah, padunungan, gedhung,lan liya-liyane nganti ambruk rata karo lemah.


37.  Ukara nomer loro saka wacan Lindhu dadekno ukara ngango basa karma!

        Kunci Jawaban : Lindhu ugi dipunwastani gempa bumi inggih menika horeging bumi amargi onten  kerak bumi ingkang obah


38. Wacanen crita ing ngisor iki kanthi tliti!


Ngingu Pitik


    Ing sawijining dina Minggu,aku diajak bapakkumenyang pasar kewan.Ing pasar iku,aku ditari bapakku kepingin tuku kewan apa.Aku matur marang bapakku yen aku kepingin ngingu pitik.Mireng pepinginku,bapakku katon seneng.Aku banjur ditukokake kuthuk.

    Kuthuke mau cacahe rong puluh.Tekan ngomah kuthuk-kuthuk mau digawekake kandhang.Saiki kuthukku wis gedhe - gedhe.Jenenge wis ora kuthuk maneh,nanging babon lan jago.Saben dina pitikku dakpakani jagung,katul,lan sapanunggalane.                                 


Ceritakna maneh crita pengalaman nang dhuwur nganggo basa ngoko!




Kunci jawaban :


Dina Minggu aku diajak bapak menyang pasar kewan.Ing pasar iku,aku ditumbaske kuthuk rongpuluh.Tekan ngomah kuthuk-kuthuk mau digawekake kandhang.Saiki pitikku wis gedhe-gedhe.Saben dina pitikku dakpakani jagung,katul,lan sapanunggale. Skor


39. Wacanen tembang Kinanthi ing ngisor iki kanthi tliti!


Sirnakna semanging kalbu,

Den waspada ing pangeksi,

Yeku dalaning kasidan,

Sinuda saka sethithik,

Pamotahing nafsu hawa,

Linalantih mamrih titih.



 Sebut lan andharna paugeran  tembang Kinanthi ing dhuwur! 


Kunci jawaban :


Paugeran tembang Kinanthi yaiku:

1.Guru gatrane : 6

2.Guru wilangane : 8

3.Guru lagune : u,i,a,i,a,i

Skor



40. Gatekna pacelathon ngisor iki banjur gawenen narasine!


Wahyu             : “Pak, Bu! Kula badhe mangkat sekolah.”

Bapak               : “Ya kana Le, ngati- ati.”

Wahyu             : “Nggih, Pak.”

Ibu                    : “Wes duwe sangu durung, Le?”

Wahyu             : “Dereng, Bu?”

Ibu                    : “Iki sangune.”

Wahyu             : “Nggih, maturnuwun, Bu. Assalamu’alaikum, Pak, Bu!

Bapak lan Ibu  : “Waalaikumsalam.”

 Kunci Jawaban :

              Esuk kuwi, Wahyu pamit arep mangkat sekolah. Bapak pesen marang Wahyu supaya ngati-ati nang dalan. Ibu nakoke marang Wahyu, apa Wahyu wis duwe sangu. Wahyu dereng gadhah sangu. Ibu maringi sangu marang Wahyu. Wahyu banjur pamit mangkat sekolah. Skor 3


Kunci Jawaban
1B
2A
3C
4A
5D
6A
7A
8D
9C
10D
11A
12C
13A
14B
15D
16B
17C
18D
19A
20C
21A
22C
23B
24D
25B
26A
27B
28D
29D
30C
31A
32B
33C
34C
35D
Post a Comment