Latihan Soal PAS (Penilaian Akhir Semester 1) Bahasa Jawa Kelas 6 Dan Kunci Jawaban Lengkap Kisi-Kisi Soal

Latihan Soal PAS (Penilaian Akhir Semester 1) Bahasa Jawa Kelas 6 Dan Kunci Jawaban Lengkap Kisi-Kisi Soal

Contents [Show Up]
Latihan Soal PAS (Penilaian Akhir Semester 1) Bahasa Jawa Kelas 6 Dan Kunci Jawaban Lengkap Kisi-Kisi Soal
Soal PAT (Penilaian Akhir Semester 1 ) Kelas 6 Mupel Bahasa Jawa Dan Kunci Jawaban Lengkap Kisi-Kisi Soal dapat Bapak dan Ibu Guru ujicobakan pada siswa-siswi Anda. Semoga Siswa-siswi anda akan berhasil dengan nilai yang maksimal dan menjadi generasi penerus yang handal dan berkualitas serta berakhlaqul karimah.
Latihan Soal PAS (Penilaian Akhir Semester 1) Bahasa Jawa Kelas 6 Dan Kunci Jawaban Lengkap Kisi-Kisi Soal
Dalam mendukung usaha para guru mengukur penguasaan materi siswa-siswinya, kami menyajikan beberapa soal PAS/UAS 1 yang dapat diujicobakan dan dapat mengukur kemampuan siswa siswi kelas 6 SD/MI. Saya yakin dengan usaha yang keras dan sungguh-sungguh pada akhirnya akan menghasilkan output (lulusan) yang memuaskan.
Soal yang kami sajikan sudah disesuaikan dengan indikator-indikator yang harus dikuasai oleh siswa/siswi kelas 6.

Kisi- kisi tes merupakan rancangan tujuan- tujuan khusus dan perilaku-perilaku khusus yang akan menjadi dasar penyusunan soal- soal dengan tujuan agar tes yang kita susun tidak menyimpang dari bahan (materi) secara aspek kognitif (pengetahuan), afektif (tingkah laku), maupun psikomotor (keterampilan) yang akan dicakup dalam tes, dibuatlah sebuah tabel grid, kisi- kisi atau blue print. Ujudnya adalah sebuah tabel yang memuat tentang perincian materi kognitif dan tingkah laku serta keterampilan yang harus dikuasai siswa beserta imbangan/proporsi yang dikehendaki oleh penilaian. Setiap kotak diisi dengan bilangan yang menunjukan jumlah soal, nomor soal. Tabel spesifikasi diperlukan sebagai dasar atau pedoman dalam pembuatan soal-soal dalam penyusunan tes.

Kisi-Kisi Soal PAS I Kelas 6 Bahasa Jawa ada di bagian bawah artikel ini
Mata Pelajaran    :      Bahasa Jawa
Kelas                   :      VI [Enam ]
Hari /Tanggal        :      ...........
Waktu                  :      9.30-11.00 (90 menit )
PITUDHUH :
1 . Tulisen jenengmu lan nomermu ana ing lembar jawab kang sumadyo !
2 . Wacanan kang  permati pitakon soal kanthi titi !
3 . Garapen luwih dhisik soal kang kok anggep gampang !
4 . Telitinen luwih dhisik garapanmu sadurunge kok aturake pengawas !
===================================================================================
Wacanen kanthi  premati!
Ki Hajar Dewantara
Tanggal 2 Mei dening pamarentah wis katetepake dadi Hari Pendidikan Nasional. Tanggal kasebut minangka tanggal wiyose Ki Hajar Dewantara. Panjenengane tedhak Paku Alam ing Ngayogyakarta. Nalika isih timur Ki Hajar  Dewantara kagungan asma Raden Mas Suwardi.Ramane asma Raden Suryaningrat. Mula panjenengane nalika isih timur kaaran Raden Suwardi Suryaningrat. Nalika jaman penjajahan Walanda, Ki Hajar Dewantara nate dibuwang dening pamarentah Walanda tekan Eropa. Nalika kuwi Ki Hajar  Dewantara  dianggep wani karo Negara. Jalarane panjenengane ngedegake sekolahan ing Ngayogyakarta kang aran Pendhidhikan  Taman Siswa.

Pancen lelabuhane Ki Hajar Dewantara tumprap kita kabeh gedhe banget luwih-luwih ing babagan pamulangan. Pamulangan kang dipandhegani Ki Hajar Dewantara nganggo sesanti: Ing ngarsa sung tuladha ,ing madya mangun karsa,tut wuri handayani.
Saiki Ki Hajar Dewantara wis ora ana.Wis kapundhut rikala tanggal 26 April 1959.Layone Ki Hajar Dewantara disarekake ana ing Taman Wijaya Brata Yogyakarta.
I Wenehana tandha ping (X)  ing aksara a,b,c utawa d ing lembar jawab kang sumadya kang
minagka wangsulan kang mathuk !
1. Sapa kang ngedegake  Pendhidhikan Taman Siswa ?

a. Raden Suryaningrat
b. Raden Mas Suwardi
c. Pamarentah Walanda
d. Paku Alam

2. Geneya  Ki Hajar Dewantara dibuwang tekan Eropa ?
a. pamarintah netepake Hari Pendhidhikan Nasional
b. panjenengane tedhak Paku Alam Ngayogyakarta.
c. panjenengane ngedegake Pendhidhikan Taman Siswa
d. gedhe  lelabuhane ing babagan pamulangan
3. Kepriye  sesanti kang dienggo ing pamulangan ?

a. ing ngarsa sung tuladha
b. ing madya mangun karsa
c. tut wuri handayani
d. a,b, lan c  bener.


4. Ana  ngendi layone Ki Hajar Dewantara disarekake ?

a. Taman Siswa Ngayogyakarta
b. Taman Wijaya Brata
c. Taman Sari
d. Taman Makam  Kalibata

5. Kapan dina  “ Pendhidhikan Nasional  “ dipengeti ?

a. tanggal  2 Mei
b. tanggal  20 Mei
c. tanggal  26 April
d. tanggal   21 April

Nonton Badminton
Gandung lagi nonton pertandhingan badminton ing TV . Sing main Taufik Hidayat musuh Lin Dan saka Negara Cina . Pertandhingan mau dianakake ing Indonesia,ngrebutake Piala Sudirman.Ora suwe Warsono teka,arep ngajak dolan Gandung.
“Dung,Gandung ayo dolan menyang nggone Indri!”
‘War, badmintone apik banget.Jan ramene pol.Piye yen sesuk wae?” saure Gandung.
“Jan – jane arep apa to menyang omahe Indri ?” Gandung genti takon.
“Arep nyilih buku, sisan gawe prakarya kelompok kae ,lho!”
“Oh,kuwi to ! Sesuk wae,badmintone eman-eman yen ditinggal.Karo maneh prakaryane isih suwe numpuke,”Gandung alesan.
…………….
                                                                                                        (Remen  basa jawa kelas enem )
6. Apa irah-irahan wacan ing dhuwur !

a. Dolanan Badminton
b. Tandhing Badminton
c. Nonton Badminton
d. Juara Badminton

7. Tema wacan nomer 6 yaiku ….

a. Komunikasi
b. Lingkungan
c. Olahraga
d. Pahlawan

Wacanen kang patitis 1
Lapuran
Dina/Tanggal                  : Rabu, 5 Desember 2012
Papan panggonan  :  Toko mebel “ Waras Slamet”
Wektu                        : Jam  08.00
Bab-bab sing diamati    : Bukak jam 08.00- tutup jam 16.00
                                    : Cacahe tenaga ana  15 tukang,3 Pramu niaga
: Cara nyambut gawene separo tukang nggarap bahan mentah,nyeteli
ragangan mebel,,dene liyane ana kang ngukir,ngamplas,meni, mlitur lan sapanunggalane.
8. Isi lapuran ing nduwur yaiku ….

a. dagangan kang ana ing toko mebel
b. carane nyambut gawe ing toko mebel                                         
c. papan dununge toko mebel
d. akeh wong kerja ing toko mebel

9. Gatekna gambar iki !
Bocah sekolah lagi padha olahraga ing plataran Sekolah










Laporan kang trep karo gambar ing ndhuwur yaiku……..
a. Bocah kelas enem lagi padha olahraga ing plataran Sekolah
b. Bocah –bocah padha jogedan ana lapangan
c. Bocah kelas enem lagi resik-resik plataran Sekolah
d. Bocah-bocah padha sinau ana ing plataran
Wacanen kanthi patitis !
Emoh Kalah
Dening Slamet Raharjo
……..Krungu critane Plangka ,Gembong nesu banget.Gembong njaluk supaya diterake menyang nggone singa.Lakune cepet banget sedhela  wae wis tekan,lan banjur madheg sapinggir sumur.Dikandhakake yen papane singa ana ing njero sumur.Tenan bareng  Gembong nginguk sumur,gambare ing njero banyu katon,ora dadak dipikir,ayang-ayange ditubruk dhewe.Nganti mati klelep,ora ana  sing nulungi…….
                                                                                                                  (Aku bisa basa jawa kelas enem )
10. Dasanamane tembung nesu yaiku ….

a. Jengkel
b. susah
c. bungah
d. sungkawa


PANGKUR
Kang sekar pangkur winarna
Lelabuhan kang kanggo wong aurip
Ala lan becik punika
Prayoga kawruhana
Adad waton puniku dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
11. Tembang pangkur ing ndhuwur ngemu tegese menawa wong urip  iku …….
a. kudu kelingan marang lelabuhane
b. kudu bisa nduweni unggah-unggah kang becik saben dinane
c. ngelingake tumindak ala lan becik
d. njagani tata krama awan wengi
…………

Sampun dipun mangertosi bilih televisi  utawi radhiyo menika salebeting media komunikasi .Kangge media komunikasi televisi  saha radhiyo gampil sanget anggenipun mengaruhi  masyarajkat.

12. Tema teks ceramah ing dhuwur kang bener yaiku ….

a. komunikasi
b. pendhidhikan
c. kegiyatan
d. pertanian

13. Miturut teks ceramah ana ing dhuwur isine yaiku ….
a. Jaman saiki wis akeh televisi lan radhiyo
b. Akeh wong padha duwe televisi lan radhiyo
c. Televisi lan radhiyo minangka media komunikasi,bisa mengaruhi uripe manungsa
d. Televisi  lan radhiyo kena kanggo nglipur ati



14. Gatekna gambar iki !
Raden Gathutkaca nata ing nagara
Raden Gathutkaca nata ing nagara ….

a. Jodhipati
b. Plangkawati
c. Amarta
d. Pringgandani





15. Raden Gathutkaca nduweni watak ….

a. satria
b. trenyuh
c. wengis
d. angkara murka

16. Bener wae ,kelasku kerep ana bocah kelangan dhuwit pancen ana sing dawa tangane
      Tembung entar kang kacithak miring ing ndhuwur tegese ……

a. seneng  tetulung
b. tangane  dawa
c. tukang  jajan
d. clemer

17. Urip  ana ngalam donya mung sepisan mula padha sing guyup ……… aja padha seneng tukar …….. supaya   gawe tentrem.
Tembung saroja kang mathuk kanggo  njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku……

a. rukun, kawruh
b. rukun, pengalaman
c. rukun, padu
d. rukun,tukaran



A. kawruhe Arang wulu kucing
B. tatune Landhep dhengkul
C. dedege Dhuwur kencur
D. utange Jero tapak meri
18. Pasangan tembung  sanepa ing nduwur kang bener yaiku ……..

a. D
b. C
c. B
d. A

19. Pak Karsono prasasat yen dina riyaya ora nate libur. La piye, yen libur ya sepure ora ana sing nglakokake.
Ukara ing ndhuwur nuduhake menawa penggaweyane Pak Karsono yaiku …..

a. masinis
b. pilot
c. sopir
d. kusir

20. Ukara ing ngisor iki kang kalebu krama lugu yaiku ……
a. Bapak Lurah kula aturi  jumeneng wonten mimbar.
b. Bapak  maos Koran sinambi ngunjuk kopi.
c. Pak Dhokter ngendika menawi kita sedoyo kedah njagi kasarasan.
d. Punapa sampeyan gadhah menda ingkang sampun poel ?

21. Yen bagus  aja ngendel-endelake baguse, yen sugih aja sumugih, yen pinter aja  keminter.
Tembung paribasan kang  mathuk  kanggo  ukara ing nduwur yaiku ….

a. asu gedhe menang kerahe
b. adigang adigung adiguna
c. baladewa ilang gapite
d. aji godhong jati aking

22.                                                                                                Tulisan jawa iki yen diwaca unine ……..


a. tulung-tulung
b. tulung menthung
c. tolong menthung
d. tulung munthu

23. Ukara  ing ngisor iki kang bener panulise yaiku …

a.

b.

c.

d.


24. Tanggapan gambar ing ngisor sing bener yaiku….
a. ora becik amarga ora rukun
b. becik amarga dadi wong kendel
c. becik amarga dadi pahlawan
d. ora becik amarga ngrugekake pamerintah





25. Wacanen geguritan ngisor iki !
Kasarasan
Dening :R. Tantiningsih

Geguritan
Awak waras sehat lan bregas
Ana ngendi dunungmu
Amarga lara papa cintraku
Gampang dadi memala
Sehat iku larang regane 
Ngendikane simbah 
Mula udinen kasarasanmu
………
Geguritan ing ndhuwur temanipun…..

a. pendhidhikan
b. olahraga
c. kesehatan
d. lingkungan

26. Karepe geguritan ing nomer 25 kasarasan kudu ……

a. diilangi
b. dijaga
c. diimbangi
d. dikiwakake

27. Pitik walik saba kebon.
Batangan cangkriman ing ndhuwur yaiku ….

a. nanas
b. salak
c. sulak
d. jeruk

28. …….. Kula kinten mboten prayogi menawi atur pamitan  punika kula pepanjang,pramila cekap semanten atur kula, bokmenawi wonten klenta-klentunipun kula nyuwun agunging pangaksami.
 Ukara ing ndhuwur kalebu perangane …………pidhato

a. pambuka
b. surasa
c. adangiyah
d. panutup


29. Pak Kenthus nyambut gawe dadi dhalang
Dhalang iki tukang……..

a. negor kayu
b. nabuh gamelan
c. nglakokake wayang
d. nglakokake dhokar

Gatekake layang  ing ngisor!
Serat mugi katur :
Panjenengan nipun bapak saha ibu      1
Ing semarang

Sungkem saha pangabekti kula          (2)
Kawontenan kulo ing Kebumen tansah wilujeng, boten wonten alangan satunggal      3 menapa. Mugi-mugi bapak saha ibu makaten ugi.
Bapak saha ibu ingkang kinabekten,ingkang sareng serat menika kula ngaturi priksa ulangan  akhir semester I. Pramila kulo nyuwun idi pangestu mugi-mugi kulo sehat
Cekap semanten serat saking kulo, sedaya kalepatan ingkang putra nyuwun      pangapunten  ingkang kathah.

Kebumen, 3 Desember 2020    (6)
Ingkang putra 
                                                           7
Ttd

Tri Wibawa
30. Peprenahan layang ing nduwur yaiku nomer…..
a. 4 c.  6
b. 7 d.  5

31. Adangiah layang ing  nduwur yaiku nomer…..
a. 1 c.  3
b. 2 d.  4
32. Layang ing  ndhuwur ditujuake marang …..
a. Anak c.  Bapak soho Ibu
b. Bapak d.  Ibu
33. Astane simbah ora bisa diobahake
Tegese tembung astane,yaiku ….
a. mripate c.  sikile
b. tangane d.  sirahe
34. Ukara kang ndungkap pujian nganggo basa kang santun yaiku ….
a. “Ah , dak kira kowe sukses , Wisnu ? ”
b. “Ayo pada ndonga kanggo Wisnu ! ”
c. “Moga – moga kowe hebat , Wisnu .”
d. “ Wah , kowe pancen hebat , Wisnu . ”
35.        1.Banjir iku gumantung anane udan.
2.Akeh reka daya kanggo nanggulangi banjir.
3.Udan dhek dina wingi deres banget.
4.Saiki wis mangsa rendheng
Urutan ukara ing nduwur supaya dadi paragraph kang trep yaiku ….

a. 4-3-2-1
b. 1-2-3-4
c. 3-2-1-4
d. 4-3-2-1

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!

36. Panah pasopati iku gamane….
37. Wajik klethik gula jawa
Luwih becik…..
38. Numpak sepedha yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku……
39. Bapak pocung
Dudu  watu dudu gunung
Dawa kaya ula
Tumpakanmu wesi miring
Yen lumaku
Si pocung ninggal suwara
tembang pocung ing nduwur batangane….
40. Gedhe cilik, enom tuwa padha menyang lapangan nonton bal-balan.
tembung kang kacithak miring iku kalebu tembung….
41. Layang kang isine kanggo ngabari duwe gawe iku jenenge laying….
42. Miturut dongeng “Malim Kundang” iku watakke….
Semaken geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 43-44
Tak tunggu tekamu
Saben dina ing omahku
Kabar kang dak tunggu
Saka awakmu
Nambahi wawasanku
……………….
43. Kang dikarepake geguritan ing dhuwur yaiku……..
44. Miturut geguritan ing ndhuwur saben dina ditunggu tekane sebab bisa nambahi….
45.
……………….
III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki nanggo tembung kan bener lan trep!
46. Sebutna wujude ater-ater tripurusa!
47. Salinana nganggo basa krama madya pratelan ngisor iki!
Bapak karo ibu lagi lunga nang sawah nandur pari
48. Gawea ukara tanduk mawa lesan nganggo
a. Lenggah
b. Mundhut
c. Maos
49. Apa tegese tembung entar ing ngisor iki!
a. Abang kupinge
b. Asor budine
c. Jembar segarane
50. Sebutna 3 kang kalebu tembang macapat!

KUNCI JAWABAN 
1. B
2. C
3. D
4. B
5. A
6. C
7. C
8. B
9. A
10. A

11. B
12. A
13. C
14. D
15. A
16. D
17. C
18. B
19. A
20. D

21. B
22. B
23. D
24. A
25. C
26. B
27. A
28. D
29. C
30. B

31. A
32. C
33. B
34. D
35. A



II. Isian
36. Raden arjuna
37. Sing prasaja
38.
39. Sepur
40. Sarojo
41. Ulem
42. Duraka
43. Koran
44. Wawasan
45.  
III. Uraian 
46. Dak-,kok-,di-,
47. Bapak kalih ibu saweg tidak sabin nanem pantun
48. Kebijaksanaan guru
a. Ibu lenggah wonten kursi
b. Bapak mundhut sepedha motor.
c. Pak guru maos buku.

49.  
a. Nesu
b. Kelakuane ora apik
c. Gampang ngapura
50.  
a. Asmarandana
b. Dhandhang gula
c. Mijil
d. Megatruh
e. Durma
f. Pangkur
g. Gambuh
h. Pocung
i. Kinanthi
j. sinom
k. maskumambang

Kisi-Kisi Soal PAS I Kelas 6 Bahasa Jawa
Standar Kompetensi Kompetensi Dasar Kemampuan Yang diukur Indikator TPK NO. Soal Bentuk Soal
MEMBACA
Mampu membaca dan memahami
teks non sastra , membaca huruf jawa dan mengapresiasikan  tentang macapat

Membaca pemahaman teks non sastra

Menentukan isi bacaan
Menjawab pertanyaan bacaan
-
Disajikan teks non sastra 2 sampai 3 paragraf ,peserta didik dapat memilih dengan tepat jawaban dari pertanyaan-pertanyaan :
a. Sapa/apa
b. Mengapa
c. Bagaimana
d. Dimana
e. Kapan

MENULIS
Mampu menulis karangan dalam ragam bahasa tertentu dan menulis huruf jawa
Menulis karangan
Menentukan judul karangan

Menentukan tema karangan
Menulis judul karangan

Menulis tema karangan

Disajiakan teks bacaan tentang olahraga peserta didik dapat menentukan :
- Judul karangan

- Tema karangan

BERBICARA
Mampu mengungkapkan pendapat dan perasaan secara lisan tentang jasil pengamatan dengan ragam bahasa tertentu 
Melaporkan hasil pengamatan  secara tertulis
Menentukan isi laporan

Melaporkan hasil pengamatan secara tertulis

Disajikan contoh laporan kegiatan peserta didik dapat menentukan isi laporan secara tertulis

Disajikan gambar  kegiatan peserta didik dapat membuat kalimat isi laporan secara tertulis

MEMBACA
Mampu membaca dan memahami
teks non sastra , membaca huruf jawa dan mengapresiasikan  tentang macapat

Membaca pemahaman teks non sastra
Menentukan nama lain ( dasa nama )

Menggunakan tembung dasa nama
Disajikan penggalan dongeng peserta didik dapat menentukan dasa nama
MEMBACA
Mampu membaca dan memahami
teks non sastra , membaca huruf jawa dan mengapresiasikan  tentang macapat

Membaca tembang pangkur
Menentukan pesan tembang pangkur
 
Menentukan pesan tembang pangkur
Disajikan sebuah tembang pangkur peserta didik dapat menentukan pesan tembang pangkur
MENDENGARKAN
Mampu mendengarkan dan memahami ragam wacana lisan melalui pembacaan teks cerita anak dan cerita wayang Mendengarkan ceramah Menentukan tema ceramah

Menentukan isi ceramah

Menunjukan bagian ceramah
Disajikan bagian tertentu dari sebuah teks ceramah peserta didik dapat :
- Menentukan tema
- Menunjukkan bagian isi ceramah
BERBICARA
Mampu mengungkapkan pendapat dan perasaan secara lisan tentang hasil pengamatan dengan ragam bahasa tertentu 
Mendengarkan cerita tokoh wayang
Menentukan nama kerajaan

Mentukan watak
tembung  entar

Tembung  saroja

Tembung sanepa

Menentukan nama
kerajaan

Menentukan watak
Menggunakan
tembung entar

Menggunakan tembung saroja

Menggunakan tembung sanepa

Disajikan salah satu gambar wayang pandhawa , peserta didik dapat menentukan :
- Nama kerajaan
- Watak
Siswa dapat melengkapi tembung entar  dalam kalimat

Disajikan suatu kalimat yang terdapat kata kiasannya ( tembung saroja ) sisiwa dapat menjawab arti sebenarnya
 
Disajikan empat pasang tembung sanepa ,peserta didik dapat memilih pasangan yang benar

Kisi-Kisi Soal dapat Anda Download Pada Link Di Bawah Ini
https://drive.google.com/file/d/1DW-Y73OrhpIpJhVqoQUT_N48QjFf-goL/view?usp=sharing