KUTBAH IDUL FITRI BAHASA JAWA "NGRAJUT KATRESNAN" DAN "NGRAKETAKEN KEKADANGAN" UPDATE TERBARU

KUTBAH IDUL FITRI BAHASA JAWA "NGRAJUT KATRESNAN" DAN  "NGRAKETAKEN KEKADANGAN" UPDATE TERBARU
Momentum Idul Fitri merupakan kesempatan yang berharga bagi semua pihak khususnya  umat Islam untuk kembali mempererat tali persaudaraan yang renggang atau pun menjalin tali silaturahmi guna dapat saling mengenal satu dengan yang lain. Lalu apakah kemeriahan perayaan Idul Fitri selama ini hanya sekedar memperingati hari raya umat Islam semata? Tentu sebagian dari kita ada yang akan menjawabnya dengan kata tidak secara lantang. Ada pula yang terlebih dulu melihat ke belakang dengan hati-hati bagaimana relasi mereka sebagai penganut agama yang berbeda ketika Idul Fitri berlangsung tiap tahunnya. Yang terakhir adalah yang berkata bahwa kemeriahan khusus bagi umat Islam semata, karena hal itu merupakan tradisi ritual agama Islam. Secara Teologis hal ini memang sudah jelas, namun bagaimana dengan realitas di lapangan. Semoga momentum ini benar-benar menjadi penguat tali persatuan dan kesatuan, ikatan persaudaraan yang semakin kokoh.

Untuk di tahun 2019 ini saja, hampir semua masyarakatnya berupaya mengukuhkan sikap toleransi melalui aksi nyata mereka. Di mana mudik lebaran, pawai takbir keliling ternyata tak hanya dihadiri oleh pemimpin daerah dan Umat Islam saja.

Cuplikan informasi di atas adalah secuil kejadian yang terjadi pada tahun 2019 ini saja. Bila kita berupaya sedikit saja melacak ke belakang lagi mengenai sikap umat agama lain ketika perayaan Idul Fitri dan menjelang perayaan tersebut, maka yakinlah bahwa semakin banyak hal yang akan kita temukan. Salah satunya adalah saling bersilaturahmi dan saling mengunjungi keluarga, kerabat maupun tetangga yang merayakan perayaan Idul Fitri meskipun memiliki keyakinan yang berbeda. Sampai di sini saja, jelas terlalu angkuh bila kita yang merupakan masyarakat Indonesia masih juga melantangkan pernyataan bahwa kemeriahan perayaan Idul Fitri hanya menjadi monopoli bagi Umat Islam an sich. Sebab baik disadari atau pun tidak, peristiwa Idul Fitri sudah menjadi agenda dan bagian dari bangsa ini. Di mana, ruang interaksi untuk saling memaafkan dan bersilaturahmi menjadi hal yang dilakukan oleh semua pihak tanpa memandang identitasnya. Segala macam media pun digunakan untuk dapat menyampaikan hal tersebut.

KUTBAH IDUL FITRI BAHASA JAWA "NGRAJUT KATRESNAN" DAN  "NGRAKETAKEN KEKADANGAN" UPDATE


Para Sederek,
Kaum Muslimin Muslimat Rahimakumullah
Minangka purwakaning atur, sumangga kita mboten kendat kendat tansah ngunjukaken puji lan syukur saha pengalembana dateng ngarsa dalem Allah SWT, awit rahmat lan kanugerahan saha pitulung ingkang tansah rumentah dateng kita sedaya.
Sahingga wonten ing enjang dinten Idul Fitri punika, kita saget kempal manunggal wonten ing masjid/musholla papan ingkang minulya punika kanthi kebak raos suka lan gumbira.
Mekaten ugi namung jalaran rahmatipun Allah kita sedaya saget nindakaken kwajiban shiyam Ramadhan sewulan muput ngantos dumugi paripurnaning wulan Ramadhan.

Wusana ing enjang punika sedaya ummat Islam ing sak indenging jagat raya punika sami sujud sumungkem wonten saha ngegungaken Asma dalem Allah SWT. Minangka nglahiraken raos syukur awit peparing nugraha lan nikmat ingkang linangkung agung punika. Ing pangajab mugi sedaya ibadah kita, linangkung ibadah shiyam kita sageta tinarimah wonten ngayunan dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala. Taqabbalallahu minna wa minkum Taqabbal ya Karim wa ja’alanallahu wa iyyakum minal maqbulin.

Para Sederek,
Kaum Muslimin Muslimat Rahimakumullah
Sampun dados pengadatan lan tradisi ingkang sae wonten ing masyarakat kita, bilih saben saben dinten riyadin sami ngleksanaaken silaturrahim, ngraketaken pasederekan, halal bihalal lan ngapura ingapuran wonten ing lingkungan lan keluarganipun.
Samiugi lingkungan pawiyatan, pakaryan menapa dene masyarakat sanesipun, langkung langkung ingkang tasih dipun tunggilaken dening satunggaling komunitas ingkang anggadahi persamaan. Kadosta ingkang sami sami nunggil wilayah domisili, nunggil trah, nunggil profesi lan sanes sanesipun.

Pramila swasana menika kedah kita dadosaken minangka momentum kangge ngraketaken kekadangan lan silaturrahim antawis kita sedaya. Langkung langkung wonten ing swasana menika, kita dadosaken minangka ajanging rekonsiliasi, ngajut katresnan sak purnanipun cekap kita nglesanaaken Pemilu wulan kepengker.
Ingkang mbok bilih kita wekdal kepengker benten pilihan lajeng wusana tuwuh sak wetawis karenggangan. Mboten prayogi kita kedlarung dlarung kanti kawontenan mekaten..
Monggo kita lepas samu kawis perbedaan, kita supekaken prastowo politik, enggal enggal kita rajut malih tali silaturrahim kita. Amergi kita sedaya punika kados menapa kemawon tetep bersaudara minangka tiang mukmin, sesami kawulanipun Allah kedah ngugemi dawuhipun Allah :

Sejatine wong wong kang pada iman iku bersaudara, mula pada rukuna ing antarane seduluranira kabeh, lan pada wedia sira kabeh ing Gusti Allah. (QS.Al Hujurat : 10)

Dados minangka tiang mukmin kita wajib tansah guyup rukun, tulung tinulung, bantu binantu, njagi lan ngreksa, nggolong gilikaken pasederekan kita. Mekaten ugi kedah nebihaken perkawis ingkang ndadosaken karenggangan hubungan silaturrahim ing antawis kita.

Para Sederek,
Kaum Muslimin Muslimat Rahimakumullah
Saben dinten kita nindakaken shalat fardlu kanti berjama’ah, saben pitung dinten kita shalat Jum’ah, saben Ramadhan kita shalat taraweh kanti jama’ah, ing enjang menika kita kempal wonten papan menika sesarengan shalat ied ugi kanti jama’ah.
Ing sak lebetipun shalat jama’ah punika mengku hikmah lan piwucal bilih kita sedaya ummat Islam kedah tansah sesarengan ing saklebetipun ngumawula dateng ngarsanipun Allah Ta’ala. Kita minangka makmum kedah tansah nderek dateng imam, menawi imam klentu, makmum kedah ngengetaken dateng imam. Dateng sesami makmum kedah tanah sesarengan lurus lan rapet shofipun.

Kanti patuladan punika kita kaum muslimin kedah saget mendet pelajaran, tansah jumeneng kanti dedasar persamaan, lan pasederekan kangge nggayuh kamulyaning gesang wiwit dunya ngantos akhirat kanti ridhanipun Allah Ta’ala. Sarana manunggaling seja lan tujuan punika, ateges kita estu kedah mbudi daya ngraketaken tali silaturrahim, sahingga kita sedaya prasasat kados jasad setunggal.
Kados dene dawuh dalem Kanjeng Nabi :
“Pepadane wong wong mukmin ingndalem hubungan pasedulurane, welas winelasane, tresna tinresnannane, iku kaya dene awak siji. Nalika perangane nggauta badan nuju lara, kabaeh badan sekojor ngrasakke mriyang lan ora bisa turu” (HR. Bukhari Muslim)

Para sederek, mekaten pagesanganipun sesami tiang mukmin anggenipun sambet kekadangan lan sambet raos, kedah saling nyengkuyung ing babagan kesaenan. Saling ngiyataken kangge mujudaken kawontenan saha kemanunggaling ummat wonten ing pundi kemawon jejer kalenggahanipun lan kawontenanipun. Kados dene tetembungan : “Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah”.

Pilihan kenging benten, faham kenging mboten sami, pemanggih mekaten ugi, organisasi kenging werni werni, profesi kongang mboten sami, partai kenging macem macem, Ananging Iman Islam, Aqidah lan syari’ah kita tetep tunggal, nauhidaken dateng Allah, nderek tuntunan Rasulullah.

Ampun ngantos perbedaan faham, organisasi, pendapat lan pendapatan dipun dadosaken alasan padudon lan pasulayan. Tundonipun nuwuhaken karenggangan, ngantos dumugining perpecahan, satron sinatron lan memengsahan sesami ummat Islam. Rasulullah paring piwucal dateng kita, ing samu kawisipun bilih kita kongang lan kenging beda.

“Dadiya sira iku kaya tangan loro, aja kaya kuping loro”

Artosipun tangan kanan lan kiring ingkang samu kawisipun sarwa benten, asta tengen peranipun ing perangan ingkang sarwa sae, ingkang resik, minulya, ngajeng, nginggil lan samu kawis ingkang utami. Dene asta kiwo peranipun ing perangan ingkang asor, kotor, sarwa kosok wangsul kalian asta tengen.

Ananging kekalihipun mboten nate padudon, pasulayan, meren merenan lan sak panunggalanipun. Malah sanget ketingal guyup rukunipun, masing masing fihak saget nampi kawontenan peran lan tugasipun piambak piambak. Mekaten ugi menawi wonten ayahan ingkang kedah dipun tandangi sesarengan, karona awrat, kakalihiun makarya sareng kanti guyup rukun, bantu binantu gotong royong kagem ngasilaken tujuan utami, lan njejekaken kalimah ipun Allah Ta’ala.

اللهُ أكْبَرُ اللهُ أكْبَرُ اللهُ أكْبَرُ، لا إِلهَ إِلاَّ اللهُ واللهُ أكْبَرُ اللهُ أكْبَرُ وَِللهِ الحَمْدُ

Para Sederek,
Kaum Muslimin Muslimat Ingkang Minulya. Kanti riyaya ingkang kebak nikmat lan rahmat punika, mangga kita tansah cecepengan dateng agaminipun Allah saha tansah siaga nindakaken hukum lan pranatanipun Allah.

Mekaten ugi rayaya Idul Fitri punika dadosa dinten ingkang mbekta harapan enggal tumrap kita ummat Islam, kangge ngrajut lan ngraketaken pasederekan kita. Sahingga kacipta masyarakat madani, adil makmur kanthi ridlanipun Allah, baldatun thoyyibatun wa rabbun ghofuur, bekja fi dun ya wal akhirah. Amin ya Rabbal alamin.

WANGSUL DATENG KEMENANGAN
.


Para Jama’ah, Kaum Muslimin lan Muslimat Rahimakumullah
Sewulan natas kita sami netepi kwajiban ibadah shiyam, kanti sak warnining panandang kita lampahi, inggih ngelak lan luwe sampun mesti, lungkrah lan loyo, lemes, lesu pucet, aras arasen wegahan lan sak panunggalanipun. Sedaya jejibahan kasebat sampun kita tindakaken kanti ikhlas namung murih karidhan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala.

Malah kepara kanti suka gumbira kita sami nindakaken ibadah shiyam lan sak warnining ibadah sanesipun ing sak lebetipun wulan Ramadhan kepengker. Mekaten wau inggih minangka bukti bilih wulan Ramadhan mila estu kebah barokah lan rahmatipun Allah Ta’ala.

Estunipun kita sanget kuciwa ing saat punika kita kedah pepisahan kaliyan Ramadhan, sinaoso kanti raos awrat lan owel kados pundi kemawon kita kedah lila nglepas bidalipun wulan Ramadhan.
Pangajab lan panyuwun kita mugi Allah maringaken panjang yuswa kita sedaya, saget pinanggih malih kaliyan wulan Ramadhan ing tahun tahun ingkang bade dateng. Amiin.
Lan mugi sedaya ibadah kita ing wulan Ramadhan kepengker katampia maqbul wonten ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala.

اللهُ أكْبَرُ اللهُ أكْبَرُ اللهُ أكْبَرُ، لا إِلهَ إِلاَّ اللهُ واللهُ أكْبَرُ اللهُ أكْبَرُ وَِللهِ الحَمْدُ

Para Jama’ah,
Kaum Muslimin lan Muslimat Rahimakumullah
Mangga kita tansah netepi ta’at lan taqwa dateng ngarsa dalem Allah Ta’ala, kanti ngestokaken dawuh dawuhipun saha nilar lan nebihi sedaya cegah lan awisaipun. Inggih namung kanti taqwa dateng Allah Ta’ala kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan gesang kita dunya ngantos dumugining akhirat. Amin.
Iman lan taqwa ugi minangka sangu ingkang langkung sae kangge pisowanan kita wonten ngarsa dalem Allah Ta’ala. Allah paring dawuh :


“Lan Pada gawea sangu sira kabeh, lan sejatine sak becik becike sangu iku taqwa, lan pada wedia sira kabeh ing Ingsun Allah he wong pada nduweni pikiran” (QS.Al Baqarah : 197)

Para Jama’ah,
Kaum Muslimin lan Muslimat Rahimakumullah
Dinten menika kita mahargia dinten kamenangan kita ingkang kebak kebahagiaan lan kabingahan. Jalaran lelampah lan jejibahan ingkang sekelangkung awrat sampun kita leksanaaken kanti sampurna.

Sewulan natas kita ngampet ngelak lan luwe, meper kanepson ingkang mboten enteng sampun kaleksanan. Mila sampun sak mestinipun ummat Islam sami mahargia dinten kemenangan punika kanti bingah lan suka cita.

Pramila mangga swasana riyaya punika kita ginakaken kangge introspeksi, mawas diri lan muhasabah, dateng nikmat peparingipun Allah ingkang katah sanget ngantos mboten saget kawical wical. Sageta sami syukur kanti ngginakaken nikmat punika dateng perkawis ingkang dipun ridhani dening Dzat ingkang paring nikmat.

Menawi kita pinter syukur dateng nikamat peparingipun Allah, temtu Allah bade nambahi peparingipun dateng kita. Langkung langkung nikmat kamenangan punika sageta kita syukuri kanti ngegungaken dateng Asma dalem Allah Ta’ala, kados dawuhipun wonten Al Qur’an :
َ
“Lan supaya sira kabeh pada nyampurnaake wilangane dina anggone pasa Ramadhan, lan sira supaya pada ngegungake sira ing Gusti Allah karana olehe wus nuduhake Allah ing sira kabeh, supaya sira kabeh pada syukur” (QS. Al Baqarah : 185)

Para Jama’ah,
Kaum Muslimin lan Muslimat Rahimakumullah
Wulan Raamadhan nembe kemawon bidal nilaraken kita sedaya. Sak lebetipun sewulan kita kedah ngampet lan memper dateng kanepson lan pepinginan ingkang saget ngrisakaken shiyam kita, kepara tasih kasambet sak warnining amal ibadah sanesipun ing wanci dalunipun. Lajeng wonten pungkasanipun wulan Ramadhan kita tasih dipun wajibaken ibadah sosial zakat fitrah, minangka kasampurnanipun shiyam kita.

Pramila wonten ing dinten punika dumugi titi wancinipun kitanggayuh kamenangan ngawonaken mengsah ageng hawa nafsu ingkang dumunung wonten ing pribadi kita piyambak.

اللهُ أكْبَرُ اللهُ أكْبَرُ اللهُ أكْبَرُ، لا إِلهَ إِلاَّ اللهُ واللهُ أكْبَرُ اللهُ أكْبَرُ وَِللهِ الحَمْدُ
Kaum Muslimin lan Muslimat Rahimakumullah
Merangi hawa nafsu punika mila mboten pekawis enteng, satunggaling perjuangan ingkang awrat. Mila nglawan hawa nafsu punika dumunung satunggaling jihad lan perjuangan ingkang ageng. Junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Sallallhu alaihi wasallam satunggaling wekdal nalika kondur saking satunggaling peperangan ageng ngadepi kaum kafirin lan musyrikin, Panjenenganipun paring dawuh :
"Kita kabeh pada bali sangka perang cilik ngadepi mungsuh, perlu ngadepi jihad akbar, perang agung (ngadepi hawa nafsu)” (HR. Al Baihaqi)

Pramila ummat Islam nalika paripurna nindakaken ibadah shiyam Ramadhan, lajeng sami syukur dateng Allah atas nikmat kemenangan punika. Kamulyanipun riyaya punika ampun ngantos kita cemari kanti tumindak-tumindak ingkang leluwihan kerana nuruti dateng pikajenganing hawa nafsu. Lajeng menapa maknanipun shiyam kita menawi sak sampunipun Ramadhan kita ujan-ujanan nuruti hawa.

Mila wonten wigatosipun kita renungaken malih menapa kakekat lan maknanipun ibadah shiyam kita wekdal kapengker. Ibadah shiyam estunipun, ngajak dateng umat Islam kangge nggayuh kamardikan ingkang hakiki, kanti shiyam saget nahan saking penghambaan dateng kebiasaan ingkang mboten sae, lan ugi saking pengajakipun nafsu lan syahwat. Supados kita mboten kejomplong lan keseret dateng juranging kesesatan, lantaran pambujukipun hawa nafsu ingkang tansah ngajak dateng lampah duraka.

Nafsu kedah kita tundukaken mboten malah kita ingkang tunduk dateng pengajak lan pikajenganipun. Jalaran nafsu menawi mboten dipun tundukaken, tentu tansah ngajak lampah awon, kados dawuh dalem Allah Ta’ala wonten ing Al Qur’an :
“Aku ora tahu mbebasake nafsuku sangka kesalahan, kerana sejatine nafsu iku tansah perintah tumindak ala,kejaba nafsu kang di paringi rahmat sangka Pangeranku, temenan Pangeran iku yekti Dzat kang akeh pangapurane lan akeh kawelasane”(QS. Yusuf :53).

Kaum Muslimin lan Muslimat ingkang minulya,
Pramila shiyam Ramadhan minangka tarbiyatun nafsi, ndidik dateng nafsu supados saget lulut lan jinak mboten ganas lan buas. Bebasan binatang buas menawi dipun damel luwe, mboten dipun sukani tetedan tentu bade lemes tanpa daya lan saget dipun lulutaken. Mekaten ugi nafsu kita kanti shiyam supados tunduk dateng akal kita. Kewajiban shiyam hakikatipun minangka rahmatipun Allah supados manungsa mboten kecalan sifat kamanungsan lan uwal saking kamulyanipun. Jalaran manungsa punika makhlukipun Allah ingkang paling sae lan mulya. Allah sampun dawuh wonten ing Al Qur’an :
“Yekti temen temen wis Ingsun titahake manungsa kelawan luwih becik becike titah” (QS. At Tiin : 4 ).

Dawuh wonten ing ayat sanes :
“Demi yekti temenan Ingsun mulyake anak Adam, Ingsun angkat anak ing darat lan laut, lan Ingsun paringi rizki kang apik apik” (QS. Al Isra’75 )

Sahingga kita shiyam bade merdikaaken jiwa kita saking serakah lan rakusipun hawa nafsu lan syahwat. Menawi jiwa kita sampun merdika, tentu angel dipun reh lan dipun perhamba dening nafsu syahwat. Kaenakan dunya mboten bade memperdaya dateng kita saking marginipun Allah. Jiwa ingkang merdika bade dados panguasa atas pribadinipun, minulya lan rinengga kanti akhlaq lan bebuden ingkang minulya.

Jumbuh kaliyan dawuh Nabi :
“Sugih iku ora kerana akehe banda, nanging sejatine sugih iku rasa cukupe ati “. (HR. Bukhari lan Muslim ).

Ananging kosok wangsulipun menawi manungsa gesangipun tansah nguja hawa, nafsu ingkang dados panguwasa wonten ing pagesanganing manungsa, tentu tansah ngreka daya, sak obah polahipun namung kangge nuruti pikajenganipun hawa. Tundanipun lajeng tumindakipun ngawur mboten metang halal haram, leres lepat, awon sae, hak lan bathil, sing penting keturutan kekarepane.

Menawi sampun mekaten gesangipun manungsa ateges sampun dados budakipun nafsu ingkang sanget asor lan remeh, lan kecalan sifat kamulyanipun, kejlomprong wonten ing juranging kanistan. Sahengga derajatipun kelorot dateng derajat ingkang asor, hewan rumangkang langkung mulya katimbang manungsa ingkang tansah nguja hawa. Kados ingkang kadawuhan dening Gusti Allah :
“Nuli Ingsun balekake manungsa marang derajat kang luwih asor asoring derajat kang asor”
(QS. At Tiin : 5).

Kaum Muslim lan Muslimat ingkang minulya
Ibadah shiyam ingkang kita lampahi sewulan natas sak lebetipun wulan Ramadhan kepengker punika hikmah ingkang utami antawisipun inggih kangge ngendaleni lan nundukaken hawa nafsu punika. Pramila beja kemayangan tumrap tiyang ingkang saget nggayuh kemenangan saget nelukaken hawa nafsunipun. Jalaran tiyang wau ateges sampun kasil nguwaosi dateng pribadinipun.

Ingkang ateges kita siaga wangsul dateng fitrah kita, asal katitah kita, minangka kawula ingkang bersih saking lepat lan dosa. Pengajab kita mbenjang ing tembe kita ugi saget wangsul dateng alam kamulyan wonten Swarga loka asal usul papan dunungipun Bapa kita Nabi Adam ‘alaihis salam. Jalaran swarga menika cawisan tumrap tiyang tiyang ingkang bertaqwa.

Dawuhipun Allah wonten ing Al Qur’an :
“Pada age ageya sira kabeh tumuju marang pangapurane
Allah Pangeranira kabeh lan marang swarga , kang ambane swarga iku pitung langit lan bumi kang disedyakake kanggo wong kang pada taqwa kabeh” (QS. Ali Imran : 133 )

Inggih swarga punika papan asal dumununging Bapa Adam nenek moyangipun sedaya manungsa. Sahingga jejibahan ibadah ibadah shiyam punika hakekatipun bukti kawelasanipun Allah dateng kita sedaya, amrih kita saget wangsul dateng papan dunung asalipun manungsa , inggih wonten ing swarga.
اللهُ أكْبَرُ اللهُ أكْبَرُ اللهُ أكْبَرُ، لا إِلهَ إِلاَّ اللهُ واللهُ أكْبَرُ اللهُ أكْبَرُ وَِللهِ الحَمْدُ


Kaum Muslim lan Muslimat ingkang minulya
Pramila sepinten labetipun shiyam tumrap gesang kita, bade kita buktekaken wonten ing lelampah wekdal wekdal sak lajengipun pasca Ramadhan. Ing wasan mugi mugi kita tansah pinaringan pitedah lan rahmatipun Allah saget netepi agamanipun kanti Istiqomah, pungkasan manggih khusnul khatimah. Amin.
Khutbah Kaping Kalih


Pembaca yang budiman, jika Anda merasa bahwa artikel di blog ini bermanfaat, silakan bagikan ke media sosial lewat tombol share di bawah ini:
 
About - Contact Us - Sitemap - Disclaimer - Privacy Policy
Back To Top