Bahan Da'wah Bahasa Jawa "Sakit Rohani Lan Pengobatanipun" (Virus Penyakit Rohani Yang Membahayakan)

Bahan Da'wah Bahasa Jawa "Sakit Rohani Lan Pengobatanipun" (Virus Penyakit Rohani Yang Membahayakan)
Wahai manusia sadarlah bahwa segala macam penyakit, apapun namanya dan bagaimanapun kecilnya adalah membahayakan bagi dirinya, bahkan juga mungkin kehidupannya.
Oleh karena itu, mereka selalu berusaha untuk menjaga sebisa mungkin kesehatan kita,dan orang-orang yang kita cintai agar tidak terkena penyakit. Ingatlah bahwa kesehatan tidak hanya terbatas pada kesehatan jasmani saja. Sedangkan jika menyangkut soal kesehatan rohani, kebanyakan manusia cenderung mengabaikannyadan tidak sadar. Jika kita mengamati, hampir semua orang yang ada di dunia ini lebih memperhatikan jasmani mereka dibandingkan rohani.

Sedangkan terhadap penyakit rohani, karena tersembunyi di dalam hati maka banyak orang yang tidak memperhatikannya. Padahal sebenarnya, penyakit yang menyerang rohani kita lebih berbahaya
dibandingkan penyakit jasmani. Bahkan penyakit rohani bisa menjadi sumber dari penyakit-penyakit
jasmani tertentu. Contohnya; Karena orang tersebut sering marah dan tidak bisa mengendalikan sifat amarahnya maka akan menimbulkan penyakit darah tinggi. Oleh karena itu, seharusnya masalah ini dijadikan sebagai masalah yang paling pokok dan penting bagi umat manusia. Tetapi kenyataannya malah sebaliknya, kebanyakan manusia malah tidak menghiraukannya dan hanya menganggapnya sebagai masalah yang sepele.

"Hai jiwa kang tentrem, baliya sira marang pangeranira kelawan kang ridha lan den ridhai Allah; mangka mlebuwa sira marang jamaa'ahe kawula ingsun lan mlebuwa sira marang suwarga Ningsun," ( Q.S. Al Fajr 27-30).

Kados sampun kawuningan bilih Allah nyiptaake manungsa kaperang dados kalih, inggih punika badhan wadhag ( (jasmani) lan badan alus (rohani). Jasmani kacipta saking lemah (tanah) (Qur'an Surat As Sajdah ayat 7) wondene rohani dipun rahasiaake dening Allah (Qur'an Surat Al Isra ayat 85) sehingga mboten wonten manungsa ingkang mangertosi hakekat rohani. Ngertosipung nggih namung gejala-gejalanipun kadosta ngenget-ngenget, mikir-mikir, mangertosi, seneng, susah, lan saterasipun.
Bahan Da'wah Bahasa Jawa "Sakit Rohani Lan Pengobatanipun" (Virus Penyakit Rohani Yang Membahayakan)
Salajengipun, perkawis jasmani lan rohani, jasmani asalipun sehat, ananging saged ugi nandang gerah (sakit). Menawi gerahipun (sakitipun) jasmani sampun sumadya pinten-pinten dokter sepesialis, perawat, saha griya sakit, puskesmas, klinik saha pengobatan alterntif. Biasanipun ingkang ngraosaken sakit inggih namung pasien. Ananging menawi rihani ingkang gerah (sakit), taksih awis-awis dokteripun, padahal penyakit rohani saged mbekta karisakan ingkang ageng ing dalem dunya  punapa dene ing akheratipun sa mangke.

Ing mriki kulo perlu matur gunging panueun kaliyan ustad Danu ingkang sampun ngungkap seperangan saking penyakit rohani kelawan ngawontenaken siaran " Bengkel hati", menawi kita gatosaken kanthi trewaca, panci nyata bilih katah penyakit jasmani ingkang muncul sebab dene rohaninipun gerah (sakit).

Kerisakan ing dalem dunya swcR umum sampun sinebat ing dalem Al Qur'an surat Ar Rum ayat 41, bilih kerisakan ing daratan punapa dene ing lautan inggih sebab dene ulahipun para manungsa, inggih punika manungsaa ingkang rohaninipun gerah (sakit) utawinipun mboten sehat.

Wondene kerisakan ing akherat, namung badhe dipun raosaken dening tiyang-tiyang ingkang rohaninipun sakit, jumbuh kaliyan pangandikanipun Allah ing Al Qur'an surat Asy Syu'araa ayat 88-89;

"Yaiku ing dina nalikane bandha lan anak-anak lanang ora ana gunane, kejaba wong-wong kang ngadhep marang Allah kelawan ati ingkang sehat."

Prof. Dr. abu hanifah nyimpulake, Inggih tiyang ingkang rohaninipun sakit ingkang dados sumberipun pinten-pinten rubeda lan bencana.

Pramila penting sanget tumrap kita ummat Islam nyinaoni bab penyakit rohani, Tujuanipun menawi kita sampun mangertosi babagan penyakit rohani, kita saged anjagi lan mbentengi diri sampun ngantos kenclokan virus penyakit rohani ingkang saestu mbebayani.

Pangertosan Penyakit Rohani
Midherek Dr. Hamzah Ya'kub, ingkang dipun wastani penyakit rohani inggih punika;
"Sikap lan sifat ingkang awon lan ngrisak rohani, ingkang bakal ngganggu kabahagiaan manungsa saha ngalang-alangi manungsa anggenipun badhe nampi ridhanipun Allah, saha perkawis ingkang ndorong manungsa tumindak awon lan ngrisak."

Musababaipun Penyakit Rohani
Samubarang ingkang dumados temtu wonten sebabipun. Jasmani saged gerah sebab dene kenging virus, kuman, bakteri lan sapanunggalane, Wondene rohani saged gerah ingkang dados penyebabipun inggih punika;
1. Hawa Nafsu
Inggih nafsu punika ingkang saged niwuhaken sikap lan sifat ingkang awon ing salebetipun bathining manungsa serta ndorong manungsa tumindak awon (jelek), jumbuh kaliyan pangandikanipun Allah ing Al Qur'an surat Yusuf ayat 53;

"Satemene nafsu iku tansah ngajak-ajak marang perkara ala kejaba nafsu kang pinaringan rahmat saka Pangeranku (Allah)..."

Wonten ing ayat sanesipun, ugi dipun tegesaken malih dening Allah Subhanahu wata'ala ing Al Qur'an surat Al Mu'minun ayat 71;

"Umpamane bebener iku kudu nuruti hawa nafsune wong-wong, yekti bakal sirna langit lan bumi iki, lan kabeh saisine"

2. Syetan
Syetan kalebet salah satunggaling makhluk ingkang dados penyebab tuwuhipun penyakit rohani, amargi sifatipun syetan panci tansah nggadhahi kekajengan ingkang awon lan tansah ambudidaya supados manungsa nindaaken perkawis ingkang jember, ingkang munkar lan awon. Sampun kasebat wonten ing Al Qur'an surat An Nur ayat 21;

" Hai wong-wong kang padha iman, aja sepisan-pisan sira kabeh melu marang tumindake Syetan. Sing sapa wonge melu marang tumindhake Syetan, mangka satemene Syetan iku tansah ngajak-ajak nindhakake perkara kang jember (keji) lan munkar."

Ugi kasebat ing Al Qur'an surat Al Maidah ayat 91;

" Satemene Syetan iku nduweni kekarepan supados timbul permusuhan lan kebencian ing antarane sira kabeh lantaran nginum (ngombe) khamar lan main (judi), lan ngalang-alangi sira kabeh saka anggone dzikir marang Allah apa dene shalat,.."

3. Tiyang Kafir
Tiyang kafir punika mboten seneng menawi tiyang Islam nampi rahmat, kanugrahan, kaberkahan, katenangan, katentreman saking Allah. Kita kedah ngatos-atos gesang wonten ndunya niki, kedah awas lan waspada teng tiyang-tiyang kafir/musyrik, ampun nganti kita ketipu deneng rayuanipun Syetan (tiyang kafir).

Gejalanipun (tanda-tanda terkena penyakit rohani)
Menawi kita kaji ayat-ayat Al Qur'an ingkang magepokaken kaliyan penyakit rohani, mangka saged kawula aturaken pinten-pinten gejalanipun tiyang kenging penyakit rohani inggih punika;
1. Mboten Jenjem (gelisah) 
gesang ingkang rupek punika ingkang dados mboten jenjem (gelisah, asring, ajrih, gampil mutung (putus asa). Gesang ingkang rupek punika dados sumberipun pinten-pinten krisis tumrap gesangipun manungsa.

2. Remen Nggresula (keluh kesah)
Tiyang ingkang terdeteksi kenging penyakit rohani menika, gesangipun seneng nggresula (keluh kesah), ngraos susah, ngraos kirang lan ngumpat yen Gusto Allah mboten adil. sekedik-kedik sambat lan nggresula, mboten wonten raos syukur, wontene kiraaang mawon.

3. Larang Syukuripun
Menawi nampi kanugrahan, rejeki arupa nopo mawon, piyambakipun mboten lajeng enggal-enggal syukur, mboten maos alhamdulillah, mboten purun sodaqoh, infak, mbiyantu tiyang sanesipun ingkang butuh bantuan.

4. Mboten Idhep Bebener
Tegesipun, tiyang wau mboten remen kaliyan perkawis ingkang leres, sae, tuladhanipun; mboten purun mbeneri tingkah laku, sifat sing elek senejan sampun ngertos yen salah lan elek tetep mawon dipun tindakakake, ngertos yen korupsi niku mboten leres nggih ditindhakake, ngertos yen ninggalake sholat niku mboten leres nggih tesih mboten shalat, ngertos yen ngrasani, nglemboni lan sateruse niku kelakuan ingkang elek, jember, awon mboten purun ninggalake perbuatan sameniko.

5. Panyananipun Awon (su'uzhan)
Tiyang ingkan rohaninipun sakit biasanipun anggadhahi panyana awon dhateng tiyang sanes ugi dhateng Allah subhanahu wata'ala. na'udzubillah min dzaalik.

6. Remen Mitnah
Tiyang ingkang remen mitnah saged mbebayani, amargi saged nuwuhake congkrahing masyarakat, adu domba, lan ngurubake permusuhan, nyebarake berita hoak, lan marakake geger lingkungan masyarakat.

7. Males Kerja (nyambut gawe)
Tiyang ingkang gerah rohaninipun, biasanipun males nyambut gawe, karepe pangan temumpang lambe, sing bener kan pangan temumpang gawe, maksude "nek kepengin mangan ya kudu gelem nyambut gawe"

8. Tansah Awang-Awangen (ragu-ragu)
Mboten anggadahi kemantepan wonten babagan nopo mawon; pegawaian, prinsip, pendapat, pikiran mencla-mencle, ketingal sedih, lungkrah, males, pengecut, mboten wantun lara/bebaya, remen nyambut arta, tegel tumindak dzaliim teng sinten mawon.

Werni-werninipun Penyakit rohani
1. Nifaq
Tiyang ingkang nandhang gerah rohani nifaq dipun wastani munafiq, pangandikanipun mboten sami kaliyan ingkang wonten ing salebetipun manah/ati. Tanda-tandanipun tiyang munafiq inggih punika;

" Tandha-tandhanipun tiyang munafiq iku wonten tiga; yen kandha ngapusi, yen janji mblenjani, lan yen dipercaya ngianati(khiyanat), (H.R Bukhari Muslim Saking abu Hurairah RodiyAllahu 'anhu).
Ampun kaget yen wonten ing kanan kiri(lingkungan kita) kathah tiyang ingkan anggadhahi ciri-ciri ingkang kados mekaten, mula kita mesti waspada, lan ngati-ati.
Al Qur'an sampun nyebatake wonten ing surat An Nisa ayat 145;

" satemene wong-wong munafiq iku (dipanggonake) wonten tingkatan ngisor dhewe ing neraka, lan sira babar pisan ora bakal nemu sawijine manungsa kang bisa nulung kanggone wong-wong mau."

2. Drengki
ingih punika tiyang ingkang serik/iri dumatheng tiyang sanesipun kang keparingan nikmat dening Allah Subhanahu wata'ala, lan piyambekipun kepengin supados nikmat wau uwal (pindah) saking tiyang wau maring piyambakipun utawa tiyang sanesipun.

3. Tabdzir
Tabdzir (mubadzir) tegesipun, tiyang ingkang ngumbra-umbra bandha kangge perkawis ingkang mboten/kirang migunani. sampun dipun tegesaken dening Al Qur'an surat Al Israa ayat 27;

" Satemene wong-wong kang dhemen boros iku kancane Syetan, padahal Syetan-Syetan iku banget ingkare marang Pangeran (Allah)."

4. Ananiyah
Ananiyah utawa egois ateges tiyang ingkang namung mentingaken awake/badane piyambek. Tiyang ingkang mekaten duraka dhumateng Allah, lan mesthi mboten angsal ridhanipun Allah

5. Takabur/Sombong/gumedhe
Gumedhe/takabur/sombong ateges rumaos lan nganggep piyambakipun tiyang ingkang paling hebat, pinter, sugih lan sapiturute. Tiyang ingkang kados mekaten biasanipun wangkot, atos, mboten purun nampi pendapat lan pituduh saking sinten mawon.

6. Al Bukhl/ Medhit/Pelit/Kikir
Tiyang ingkang ketempelan sifat mekaten, eman-eman menawi nganthos ngedhalaken bandhanipun, tenaganiphun, pemikiranipun lan sapiturute kangge tiyang sanes.

7. Males, Remen Utang
Biasaipun males nyambut damel, kangge nyukupi kebutuhanipun nyambut mrika-mriki lan males nyarutang, senenge ngarep-arep pamaringe tiyang sanes tapi dheweke mboten purun kon aweh.

8. Al Bukhtan/Ngapusi/berbohong
Ateges seneng ngapusi napa mawon sing penthing piyambake diuntungaken, mbothen mikir awon becik sing penting angsal/ kasembadan kekarepane.

Kerisakan Ingkang Timbul Sebab Penyakit Rohani
1. Andadosaken gesang mboten tentrem
2. Tebih saking Karidhaane Gusti Allah, lan dipun bendoni dening Allah
3. Males nindhakake kesaenan lan ngibadah.
4. Bakal nuwuhake psiko neurosa, ateges tiyang wau sarafipun mboten bener/beres, lajeng sikapipun inggih asring damel kapitunan/kerugian tumrap piyambakipun napa malih dhaten tiyang sanes.
5. Ngrisak jasmani. sapunika sampun pinten-pinten bukti bilih penyakit rohani saged nuwuhake penyakit jasmani.Pramila sampun wonten sapunika ilmu ingkan kawastanan psychosomatik, inggih punika ilmu ingkang mbahas lan ngobati penyakit jasmani ingkang dipun sebabaken saking penyakit rohani. Kados ngobati kanti sarana dzikir, ru'yat, shalat, do'a-do'a.

Caranipun Ngobati Penyakit Rohani
1. Tobat Nasuha
Inggih punika ngraos ngajog (menyesal) atas kalepatan ingkan sampun dipun lampahi, nyuwun pangapunten dhateng Allah, lajeng sumadya nilar kalepatan wau sarta niyat mboten badhe mangsuli malih kalepatan wau.

Insya Allah kanto tobat saestu ingkan kawastanan Taubatan nashuha, rohani kita tumunten, bakal pulih sehat walafiyat.

2. Wangsul Maring Margi Ingkang Lurus Inggih punika Islam Kaafah, nglampahi sedaya ingkang dipun prentahaken lan nebihi menapa ingkang dipun larang dhateng agama Islam.

3. Tepa Slira (mawas diri)
Tiyang ingkang tansah mawas diri, metani (mengkoreksi diri) lelampahan piyambek, ingkang bangsa lahir lan bathin. Temtu mboten gampil kepleset ing jurang kenisthaan, menawi rumaos nindhaaken perkawis awon, utawa nyasar, inggih age-age dipun dhandhosi, sehongga kanthi mekathen penyakit rohani tumenten sagedidipun singkiri.

4. sadar lan Sabar
tegesipun tiyang wau sadar atas sedaya lelampahan ingkang kathindhakaken, sehingga saged ngontrol lelampahan salajengipun.
Sabar ngadepi menopo mawon, ampun grusa grusu, ampun dendam, lan legowo ing manah insya Allah entheng teng manah lan pikiran, sedoyo konduraken dhateng Gusti Allah.

5. Seneng ngumpul kaliyan tiyang ingkang sholeh/sholehah, mugi-mugi kanthi ngumpul sareng tiyang ingkang soleh solehah kito saged ndherek nglampaih kesaenan lan sagid dibimbing kesaenan.

6. Nglampahi Sholat Lima Waktu, Satemene sholat iku ngadohake saking perkawis keji lan munkar.

7. Siyam/Puasa
Siyam/puasa saged kaginaaken kangge terapi pengobatan penyakit rohani. amargi kanthi siyam, kita saged ngeker (nahan) saking perkawis-perkawis ingkang awon, saged nglatih sabar, ngedohake saking sifat-sifat, awon, kadosto, drengki, kesuh, ngapusi, sombong, drengki, lan sapanunggalane.

8. Dzikir
Eling marang Allah subhanahu wata'ala, kanthi nyebut asma Allah, muji marang Allah, syukur marang peparingane Allah, lan tansah eling yang kita badhe wangsul datheng ngarsanipun Allah ( mati/meninggal dunia).

9. Maos Al Qur'an
Mugi kanthi mangertosi isinipun Al Qur'an, manah kita saged gumregah, trenyuh, lan iman kita sengsaya mantep. Wonten satunggal riwayat, nalika sahabat Ibnu Mas'ud dipun suwuni nasehat dening satunggaling sahabat ingkang manahipun saweg ngraos mboten tentrem, Ibnu Mas'ud ngendhika;
-Panjenengan prayogo nekani telung panggonan:
1. Nekani marang panggonane wong kang lagi maca Al Qur'an, utawa maca Al Qyr'an dhewe, utawa ngrukoake kanthi tenan wong kang lagi maos Al Qur'an.
2. Nekani pengajian/kajian ilmu kang isine ngelingake manah/ati supados tansah cedhek kalian Gusti Allah.
3. Nekani Panggonan sholat (masjid/musholla) nuli sholat, nyuwun marang Gusti Alloh, supados dipun paringi ketentreman, kebahagiaan dunia lan akherate.

Mekaten ingkang saged kawulo aturaken menawi wonten kalepatan meniko saking kelemahan lan kekirangan kawulo. Mugi-mugi manfaat fidiini wadunya wal akhirat aamiin Allohumma aamiin.

Pembaca yang budiman, jika Anda merasa bahwa artikel di blog ini bermanfaat, silakan bagikan ke media sosial lewat tombol share di bawah ini:
 
About - Contact Us - Sitemap - Disclaimer - Privacy Policy
Back To Top