SOAL PAS/UAS SEMESTER 1 BAHASA JAWA KELAS 6 PER KD DAN KUNCI JAWABAN

SOAL PAS/UAS SEMESTER 1 BAHASA JAWA KELAS 6 PER KD DAN KUNCI JAWABAN

Contents [Show Up]
SOAL PAS/UAS SEMESTER 1 BAHASA JAWA KELAS 6 PER KD DAN KUNCI JAWABAN
Keberadaan Bahasa Jawa, terutama tingkat Krama Alus dirasa masih penting di tengah masyarakat . Akan tetapi, kesadaran itu tidak dibarengi tindakan nyata dan tauladan dari orangtua untuk mengajarkan kepada anak-anak mereka. Kebiasaan keseharian mulai dari keluarga sampai lingkungan sekitar harus dicontohkan pada anak-anak kita. Jangan pernah menyerah, mulailah dari sekarang, insya Allah kedepan generasi muda kita akan menjadi generasi yang berkarakter, mempunyai unggah-unguh, tata krama ,dan kepribadian yang berakhlakul karimah.

Soal PAS/UAS Bahasa Jawa  dapat Bapak dan Ibu Guru ujicobakan pada siswa-siswi Anda. Semoga Siswa-siswi anda akan berhasil dengan nilai yang maksimal dan menjadi generasi penerus yang handal dan berkualitas serta berakhlaqul karimah.
SOAL PAS/UAS SEMESTER 1 BAHASA JAWA KELAS 6 PER KD DAN KUNCI JAWABAN
Dalam mendukung usaha para guru mengukur penguasaan materi siswa-siswinya, kami menyajikan beberapa soal PAS/UAS yang dapat diujicobakan dan dapat mengukur kemampuan siswa siswi kelas 6 SD/MI. Saya yakin dengan usaha yang keras dan sungguh-sungguh pada akhirnya akan menghasilkan output (lulusan) yang memuaskan.
Soal yang kami sajikan sudah disesuaikan dengan indikator-indikator yang harus dikuasai oleh siswa/siswi kelas 6.
PETUNJUK UMUM
1. Tulislah jeneng lan nomermu ana ing sisih tengen ndhuwur lembar jawab !
2. Wacanen saben pitakon kanthi permati !
3. Garapen ndhisik pitakon- pitakon sing kok anggep luwih gampang  !
4. Tlitinen sepisan maneh garapanmu sadurunge kok aturake marang Bapak/ Ibu Guru !

I. Pilihana aksara a,b,c utawa d ing ngarep pilihan jawaban kang paling bener!
KD 3.1
Wacan kanggo pitakon nomor 1-3
Grebeg Sekaten
  Kaya adate amarengi dina wiyosane Kanjeng Nabi Rasul Muhammad SAW, tanggal 12 sasi Maulud iki ing Ngayogya karta dianaake prayanan Grebeg Sekatenan. Adat kaya mangkene iki wis dianani suwe banget ing Sala apa dene ing Ngayogyakarta.Ananging wiwite dhisik dhewe ana ngendi lan kapan durung kinawruhan kanthi cetha. Ana kang ngira Grebeg sekatenan iku diwiwiti ing Krajan Demak Bintara, abad XVI biyen. Ananging, malah ana kang ngira yen wis ana ing jaman Krajan Majapahit akhir. Kepriyea bae adat iki pancen banget anggone narik kawigaten. Tembung “grebeg” utawa “garebeg” iku tembung Jawa asli. Tegese “ diirid ing bala akeh” utawa “dibyuki ing wong akeh”.
1. Tema wacan ing duwur yaiku....
a.  keagamaan
b.  kabudayan Jawa
c.  Grebeg sekaten
d.  kasehatan

2. Prayanan Grebeg Sekaten dianaake kanggo mengeti dina....
a.  tanggal 12 sasi Maulud
b.  hari kamardikan
c. sedane Kanjeng Nabi Muhammad SAW
d.wiyosan  Kanjeng Nabi Muhammad SAW

3. Kaya adate amarengi dina wiyosane Kanjeng Nabi Rasul Muhammad SAW,  tegese wiyosan….
a.  kelahiran
b. nilar dunyo
c. dina maulud
d. kematian

4. Adat Grebeg Sekaten wis dianani suwe banget ana ing ....
a.  Krajan Demak Bintara
b.  Kerajaan Maja Pahit
c.  Sala
d.  Sala lan Ngayogyakarta

5. Menowo sing takon marang siswa pak guru utawa bu guru, basa kang digunakake yaiku basa  ….
a.  ngoko
b.  ngoko alus
c.  Krama muda
d.  Krama inggil

6. Lapangan bal-balan. Ukara pitakonan kang trep kanggo wangsulan punika yaiku….
a.  kapan anggone bal-balan?
b.  sapa kang lagi nonton bal- balan?
c.  Ana ing ngendi anggone tuku layangan
d.  Ana ngendi anggone nonton bal?

7. Ing ngisor iki tujuane maca teks deskripsi kejaba ....
a.  mangerteni isi teks kanti gamblang
b.  mangerteni urutan-urutan isine teks kanthi urut
c. mangerteni kesalahane isine teks
d. latihan mikir kritis lan kreatif

8. Tek kang nggambarake objek, papan panggonan, utawa kedadean tertemtu diarani teks....
9 Bapak kalian ibu saweg nonton Grebeg Sekaten wonten ing TV. Tembung nonton sing bener ….
10. Tulisna 3 bae kabudayan Jawa!

KD 3.2
Wacan kanggo pitakon nomer 11-13
Gathut Kaca Gugur

Sanjata Kunta banjur katamakake Kalabendana, banjur mlebu ing pusere Raden Gathut Kaca. “Curiga manjing warangka”. Getih kang metu saka anggane Raden Gathut Kaca ndadekake mendung ing angkasa dadi abang branang. Ragane Ghatut Kaca tumiba ing Tegal Kurusetra. Adipati  Karna kang keprungu swara kaya bledheg kang ngampar-ampar metu saka kreta nyawang kahanan kang wis kelakon. Raden Ghatut Kaca nemahi palastra ing madyaning Tegal Kurusetra dadi satriya utama. 

11. Raden Ghatut Kaca gugur dening  pusaka….
a. Warangka sanjata kunta
b. Panahe sanjata kunta
c. sing gawe sanjata kunta
d. sing duwe sanjata kunta

12. Curiga manjing warangka tembung warangka tegese….
a. Gaman
b. Wadah
c. panah
d. weteng

13. sing keprungu swara kaya bledheg kang ampar-ampar yaiku...
a.  Kala bendana
b. Adipati Karna
c.  Raden Ghatut Kaca
d. satriya utama

14. Adipati Karna duwe pusaka Senjata Kunta. Tembung duwe krama inggile….
a.  kagungan
b.  gadah
c.  gadhah
d. angsal

15. Perang Baratayuda iku perange  ....
a.  Pandhawa lawan Kurawa
b.  Punakawan lawan Kurawa
c.  Ghatut Kaca lawan Adipati Karna
d.  Astina lawan Pandawa

16. Cara nanggapi pitutur luhur ing wacan yaiku....
a.  digoleki tokoh kang duwe watak ala
b.  digoleki tokoh kang duwe watak jujur , lan satriya
c.  Digoleki tokoh kang becik lan ala
d.  Dibolan-baleni anggone maca wacan

17. Sing bisa mateni Ghatut Kaca yaiku Adipati Karna.
Ukara pitakon kang trep kanggo wangsulan ing duwur yaiku….

18. Ghatut Kaca iku satriya ing….
19. Ibune Adipati Karna yaiku….
20. Ing Baratayuda, ghatut Kaca bisa mateni Dursula, anake dursasana. Raja pringgondani iki pancen ora bisa dipateni nganggo gaman, kejaba mung panah Senjata Kunta. Nalika nugel ari-arine, sarung Sanjata Kunta keri ing awake Ghatut Kaca. Ghatut Kaca pancen satriya kang sekti mandraguna. Sanadyan wus sekti ananging  Ghatut Kaca tetep nduweni watek andhap asor ora mamerke kasektene.
Tulisno pitutur luhur kang saged dipun pendhet saking wacan ing dhuwur!

KD 3.3
Wacan kanggo nggarap pitakonan nomer 21-24
Batal Wudhu
Jenengku Sarino nalika aku esih bocah, durung ana listrik mlebu desa. Lampu saben dinane nganggo lampu teplok , yen metu mbengi nggawa oncor, arane sempor sing digawe saka tugelan pring diisi lenga tanah ditutup nganggo tepes utawa gombal.  Wis biyasa aku lan kanca-kanca wayaeh maghrib metu saka ngomah ngaji ana ing Masjid mulieh ngaji bubar sholat isya. Sak suwene ngaso  lan ngenteni  sholat isya Sarino bebuwang ana wc. Sak rampunge buwang kanca- kancane Sarino wis padha wudhu kabeh amarga sholat isya wis arep dipun mulai. Sarino ora wudhu langsung mlebu neng Masjid . sasampune dipun qomati Pak Kyai ndangu marang santrine wis padha wudhu kabeh durung ? sampun kyai, wangsulane santrine sesarengan . Sarino mbengok kulo dereng wudhu pak kyai , pak kyai banjur tanglet  bener kowe urung wudhu?, Sarino angsulan  kulo dereng batal wudune, mboten ngenthut kok  kulo namung bebuwang. Pak kyai banjur ngendika sing mbatalke wudhu ora mung ngenthut thok , nanging bebuwang ya mbatalke wudhu . Bocah- bocah kancane sarino padha sorak karo guyu cekakan karo ngledhek Sarino.

21. Sapa kang nyritaake pengalaman ….
a. Pak Kyai
b. Sarino
c. kanca-kancane Sarino
d. para santri

22. Pengalaman sing dialami Sarino kalebu pengalaman sing….
a. nyedihake
b. nyenengake
c. lucu
d. nglaraake

23. Sarino batal wudhune amarga….
a. Ngenthut
b. Mlebu wc
c. mangan
d. bebuwang

24. Tegese tembung  ndangu  ana ing wacan yaiku….
a. didukani
b. ditimbali
c. diundang
d. ditakoni

25. Kanggo nggampangake gawe karangan sadurunge perlu gawe cengkorongan. Cengkorongan yaiku….
26. Urutan nulis karangan kaping sepindah yaiku nemtoake….
27. Sadhengah kadadeyan sing tau dialami utawa dimangerteni diarani….
28. Dadi juwara kelas kalebu pangalaman sing….
29. Tulisna urut-urutan nulis karangan pengalaman !
30. Tulisen crita pengalaman sing tau kokalami!

KD 3.4
Tembang kinanti kanggo nggarap pitakonan nomer 31-33
Kinanthi
Anoman malumpat sampun
Prapteng witing nagasari
Mulat mangandhap katingal
Wanodyayu kuru aking
Gelung rusak wor lan kisma
Ingkang iga-iga keksi
31. Tembang kinanti ing duwur guru gatrane ana….
a. 5
b. 6
c. 8
d.10

32. Wanodyayu kuru aking . tembung wanodyayu tegese….
a. anoman
b. tiyang jaler
c. wanita
d. nagasari

33. Guru wilangan  gatra kang  pungkasan ana….
a. 5
b. 6
c. 7
d. 8

34. Kanggo mbacutake aksara mati (konsonan) kang ana ing sajrone tembung, klompok tembung utawa ukara yaiku….
a. Wulu
b. Suku
c. pasangan
d. cakra

35. Dolan turu saben dina yen ditulis nganggo aksasra jawa yaiku….
a. [folnÃ’|rusbenFin
b. [folnÃ’|rusbnFin 
c. flnÃ’|rusbnFin
d. [folnÃ’|rusbenFn

36.


Aksara Jawa ing dhuwur iku unine ....
a. Kardi dicokot ula sawah 
b. Kadir dicokot nyamuk
c. Akeh nyamuk nang sawah
d. Kadir tuku obat nyamuk

37.Tembang kinanti  iku kalebu jenising tembang….

38. S  Pasangan jawa ing sisih kiwo jenenge pasangan….
39. fewisinTficulik¿   Yen ditulis latin dadi….
40. Sebutna cacah enem sing kalebu tembang macapat!





KUNCI JAWABAN BAHASA JAWA  KELAS  VI 
I. kunci kd 3.1
1. B 6. D
2. D 7. C
3. A 8. teks deskripsi
4. D 9. mirsani
5. B 10. Grebeg sekaten, sedekah laut, nujuh bulanan, lan sapiturute
II. kunci kd 3.2
1. B 6. Sapa kang bisa mateni/merjaya Gathut Kaca?
2. B 7. Pringgondani
3. B 8. lemah
4. A 9. Dewi Kunti 
5. B 10. Ksatriya, jujur, andhap asor( ora seneng pamer kasekten)

III. kunci kd 3.3
1. B 6. tema/ topik
2. C 7. pengalaman
3. D 8. nyenengake
4. D 9. 1. Nemtoake tema
5. Kerangka karangan     2. Nemtoake pokok-pokok isi crita pengalaman
      3. ngembangake pokok- pokok dadi karangan kang wutuh
10. kebijakan guru
IV. kunci 3.4
1. B 6. B
2. C 7. macapat
3. D 8. sa
4. C 9. Dewi Sinta diculik
5. A 10. Maskumambang, kinanti, mijil, sinom, asmaradana, durma, 
    dhandhang gula, gambuh, pangkur, megatruh, pocung